• logo nu online
Home Nasional Banten Raya Warta Keislaman Tokoh Khutbah Sejarah Opini Pesantren NU Preneur Ramadhan 2023
Kamis, 2 Mei 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman Wulan Ruwah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman Wulan Ruwah
Wulan Sya'ban utawi Ruwah. (NUO)
Wulan Sya'ban utawi Ruwah. (NUO)
Khutbah I
اَلْحَمْدُ للهِ عَلى نِعَمِه فِى شَهْرِ شَعْبَان، اَلَّذِىْ جَعَلَنَا مِنَ المُسْلِمِيْنَ اَلْكَامِلِيْنَ، وَأَمَرَنَا بِاتِّبَاعِ سَبِيْلِ المُؤْمِنِيْنَ، اَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ، شَهَادَةَ مَنْ هُوَ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الْمُتَّصِفُ بِالْمَكَارِمِ كِبَارًا وَصَبِيًّا. اَللّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُوْلاً نَبِيًّا، وَعَلى آلِه وَصَحْبِه الَّذِيْنَ يُحْسِنُوْنَ إِسْلاَمَهُمْ وَلَمْ يَفْعَلُوْا شَيْئًا فَرِيًّا، أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ رَحِمَكُمُ اللهُ، اُوْصِيْنِيْ نَفْسِىْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى : بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ، يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَاَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
 

Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Monggo tansah samiyo netepi takwa lan taat dateng ngarsa Dalem Allah, kanti berusaha nderek sedoyo peraturanipun, nindakaken dawuh lan printahipun, soho nebihi sedoyo awisanipun, kanti tansah netepi takwallah ing saklebetipun gesang 
punika, ing pangajab mugi kito tansah kaparingan kabekjan wiwit gesang ing ngalam dunya puniko, ngantos dumugi ing ngalam akhirat. Amin.
 
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Wekdal puniko kito sampun lumebet wonten ing Wulan Sya’ban, kito mestani Wulan Ruwah, kalebet wulan mulyo menggah kito umat Islam. Kamulyonipun wulan puniko amergi Gusti Allah sampun milih Wulan Ruwah puniko kangge paring wahyu dateng junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad sallahu ‘alaihi wasallam, inggih dawuh netepaken arah kiblat naliko sami nindakaken ibadah shalat. 
 
Pramilo kito samiyo mulyakaken lan ngegungaken wulan mulyo puniko kanti nambahi taat dateng Gusti Allah soho ngirangi lan nilar lampah maksiat. Nderek dateng dawuh dalem Kanjeng Nabi Muhammad sallahu ‘alaihi wassalam ingkang artosipun kirang langkung mekaten:
 
"Sopo wonge mulyaake Wulan Sya’ban kelawan takwa marang Allah, lan nindakake taat marang Allah, lan ugo nyegah saka penggawe maksiat, mongko Gusti Allah bakal ngapuro kabeh dosane, lan Allah bakal nyelametake wong mau ing sak jerone tahun kuwi songko sekabehane panco boyo lan sekabehane penyakit.”
 
Pramilo monggo ampun ngantos kito lirwakaken dawuh meniko, samiyo nggayuh kanugerahan lan pitulunganipun Allah. Sarananipun mboten sanes nderek dawuh Nabi kasebat. Nindakaken amal ibadah kumawulo dateng Allah, soho nilaraken sedoyo pendamel maksiat ingkang nuwuhaken deduko bendunipun Pengeran kito Allah subhanahu wa ta’ala. Jumbuh kaliyan dawuhipun Al Qur’an:
 


مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهٗ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ اَجْرَهُمْ بِاَحْسَنِ مَا كَانُوْا يَعْمَلُوْنَ 
 
“Sing sopo wonge nindakake amal kebecikan, lanang utowo wadon ing mongko deweke iman, mongko Ingsun bakal maringi marang deweke panguripan kang becik, lan Ingsun bakal paring piwales marang deweke kelawan kang luwih becik katimbang kang ditindakake.” (QS An Nahl: 97)
 
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Mulyakaken Wulan Sya’ban puniko mboten wonten ingkang langkung sae ngungkuli amal soleh, langkung-langkung ibadah shalat fardlu. Jalaran kamulyanipun wulan puniko sambet kaliyan kwajiban shalat fardlu. Kanti tansah migatosaken dateng toto coo, syarat rukun lan ngopeni dateng sunnahipun langkung-langkung wekdalipun. Allah tentu paring piwales, soho ngicalaken raos ajrih lan kuwatos ingkang tansah ngebaki manahipun kawulo ing mongso puniko.  Kados dauwuhipun Allah ingkang artosipun kirang langkung mekaten:
 
“Sejatine wong kang podo iman lan pada ngamal soleh, lan pada njejegake shalat, lan pada aweh zakat, tumrap wong-wong mau ganjaran ing ngarsane Pengerane, lan ora ono roso kuwatir tumrap wong-wong mau, lan ugo wong-wong mau ora bakal pada susah.”
 
Mugi-mugi Allah maringi pitedah lan pitulung dateng kito sedoyo. Amin.
 
بَارَكَ اللّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَاِيّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَ وَتَهُ اِنَّه هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
 
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ عَلى إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِه وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
  أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيّ يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبى وَيَنْهى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِه يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
 

 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja


Editor:

Khutbah Terbaru