• logo nu online
Home Nasional Banten Raya Warta Keislaman Tokoh Khutbah Sejarah Opini Pesantren NU Preneur Ramadhan 2023
Minggu, 23 Juni 2024

Khutbah

Khutbah Idul Adha 1445 H Bahasa Jawa: Hikmah Syariat Kurban

Khutbah Idul Adha 1445 H Bahasa Jawa: Hikmah Syariat Kurban
Ilustrasi Idul Kurban. (Foto: Freepik)
Ilustrasi Idul Kurban. (Foto: Freepik)
Khutbah I  
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ. اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيْرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلاً، لَاإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَهُ، صَدَقَ وَعْدَهُ وَنَصَرَ عَبْدَهُ وَأَعَزَّ جُنْدَهُ وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهُ، لاَإِلهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ أَكْبَرُ، اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ اْلحَمْدُ
 اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَمَاتَ وَ أَحْيَى. اَلْحَمْدُ للهِ الًّذِيْ أَمَرَنَا بِالتَّقْوَى وَ نَهَانَا عَنِ اتِّبَاعِ الْهَوَى. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ جَعَلَ لَنَا عِيْدَ الْفِطْرِ وَ اْلأَضْحَى. أَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ  نِعْمَ الْوَكِيل وَنِعْمَ الْمَوْلَى، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَ مَنْ يُنْكِرْهُ فَقَدْ ضَلَّ ضَلاَلاً بَعِيدًا. وَ صَلَّ اللهُ عَلَى سَيِّدِنَا وَ حَبِيْبِنَا الْمُصْطَفَى، مُحَمَّدٍ نَبِيِّ الْهُدى، الَّذِيْ لاَ يَنْطِقُ عَنْ الْهَوى، إِنْ هُوَ إِلاَّ وَحْيٌ يُوْحى، وَ عَلَى اَلِهِ وَ أَصْحَابِهِ أَهْلِ الصِّدقِ وَ الْوَفَا. اَللَّهُمَّ اجْعَلْنَا مِمَنْ اِتَّبَعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الْجَزَا
 أَمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالى فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ وَلِلَّهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيلًا وَمَنْ كَفَرَ فَإِنَّ اللَّهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِينَ. وقَالَ أَيْضاً إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ. فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ. إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ 
 
Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah
Minongko purwaning atur monggo kito ngunjukaken syukur dateng ngarso dalem Allah, awit peparing kanugrahan lan nikmat ingkang tanpo kawical-wical, langkung-langkung rahmat kawilujengan lan yuswo panjang dateng kito  sedoyo, sahinggo enjang puniko kito tasih saget menangi malih dinten riyoyo Idul Adha, lan saget makempal ing masjid puniko kanti kawontenan  sehat wal afiat. 
 

Inggih namung Allah Pengeran kito ingkang maringi nikmat lan kanugrahan. Milo inggih namung dateng panjenenganipun Allah ta’ala kito manembah lan ngumawulo, jumbuh kaliyan dawuhipun: 
 
وَاِنَّ اللّٰهَ رَبِّيْ وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوْهُۗ هٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيْمٌ
 
“Sejatine Allah iku Pengeranku lan Pengeranmu, mulo podo nyembaho siro kabeh ing Allah, ya iki dedalan kang jejek.’’ (QS Maryam: 36) 
 
Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah
Sumonggo kito sesarengan tansah nambahi takwa lan taat kito dateng Allah kanti mbudi doyo murih saget nindakaken sedoyo dawuh lan perintahipun,  soho nilar lan nebihi sedoyo cegah lan awisanipun. Sikap mental ingkang mekaten kedah manjing dados kepribadian tumrap tiang Mukmin. 
Kanjeng Nabi sallallahu ‘alaihi wa sallam paring dawuh ingkang artosipun kirang langkung mekaten: 

 
“Wedio siro ing Gusti Allah, ing endi nggon ono siro, tut burenono kaelekan iku kelawan kebecikan, jalaran kebecikan iku bisa nglebur kaelekan, lan gaweo budi  pekerti siro kelawan budi pakerti kang becik.” (HR Turmudzi) 
 

Mekaten ugi estunipun takwa minongko Solusi kangge nggayuh pitulung saking ngarsa dalem Allah. Kados dawuhipun Allah: 

 
وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ اَمْرِهٖ يُسْرًا
 
“…Lan sopo wae kang takwa marang Allah, mongko Allah bakal ndadekake perkoro kang angel songko wong kuwi dadi gampang.“ (QS At-Thalaq: 4) 
 
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
وَللهِ اْلحَمْدُ
 
Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah
Dinten puniko dinten ingkang agung, ngantos Allah ngaramaken siyam tumrap kito ing dinten meniko ngantos telasipun dinten Tasyriq. Dinten puniko kawastanan dinten Riyoyo Adha utawi Riyoyo Kurban, jalaran Allah merintahaken dateng kito supados nyembelih hewan kurban tumrap kito  ingkang pinaringan kajembaran. Ibadah kurban dipun syariataken minongko sarono taqorrub, nyaketaken dateng Allah, minongko bukti ketaatan dateng Allah, kanti nglilakaken sakperangan hak milik kito, bondo kito ingkang  arupi kewan ternak mendo utawi lembu kasembelih minangko kurban. 
 
Kito kedah yakin bilih ingkang bade katur dateng ngarsanipun Allah sanes daging menopo dene rahipun kewan kurban, ananging ketaatan, keikhlasan, ketakwaan, dateng Allah ingkang bade kunjuk datengipun ngarsanipun  Allah. Kados dawuh Al-Qur’an:  

 
لَنْ يَّنَالَ اللّٰهَ لُحُوْمُهَا وَلَا دِمَاۤؤُهَا وَلٰكِنْ يَّنَالُهُ التَّقْوٰى مِنْكُمْۗ 
 
“….Ora pisan-pisan bakal tumeko ing ngarsane Allah daging-daginge unta lan getihe, ananging takwaniro kang bakal nggayuh karidhane Allah.” (QS Al-Hajj: 37) 
 

Babar pindah daging lan rahipun kurban mboten bade kunjuk dateng ngarsanipun Allah, ananging amalan takwanipun ingkang bade dumugi wonten  ngayunan dalem Allah. Dene dagingipin kurban manfaatipun wangsul dateng sesami minongko amal sosial. Sahinggo gamblang bilih syariat  kurban puniko anggadahi manfaat ganda, hablun minallah minongko kumawulo kito, nuhoni dawuhipun Allah. Dene hablum minannas minongko amal sosial ingkang tumanduk dateng sesami. 
 

Saking arah sanes, kurban estunipun ngengetaken manuso supados giat mbangun ekonomi ingkang sahe saho ndidik semangat pribadi lan jiwo  sosial lan tanggap dateng urusan kemasyarakatan. Sedoyonipun tentu katindaken kerono Allah lan namung murih dateng karidhanipun Allah. 
 
Saking segi sanesipun berkurban puniko kinaryo sarono mediasi nggalang dateng kemanunggalan umat, soho sarono nyaketaken antawis tiyang ingkang  sugih, lebih, luwih, lan ingkang miskin sarwo kekirangan, sahinggo mboten wonten garis pemisah antawis kekalihipun. Menawi estu-estu saget  nggadahi fungsi mekaten kurban meniko, tentu gesangipun manungso tansah tenang lan ayem tentrem. 
 
Tiang-tiang miskin mboten nate rumaos kesio-sio lan ino, malah rumaos dipun tresnani lan dipun welasi, sahinggo mboten cemas ngadepi pagesangan puniko. Mekaten ugi ingkang sugih, mboten nate kuatos dipun drengkeni lan dipun  mengsahi dening tiyang miskin. Sahinggo ugi mboten nate wonten raos nindes lan nganingoyo dateng fakir miskin, malah trisno lan welas asih ingkang tansah tuwuh ing manahipun. 
 
Mekaten ugi sesambetan antawis pemerintah lan ingkang dipun perintah, antawis pendatang lan penduduk asli pribumi, sedoyo tansah gesang  berdampingan kanti sae mboten nate tuwuh kecemburuan, raos iri lan drengki. Kados ingkang kagambaraken dening Allah ing dawuhipun:

 
لِلْفُقَرَاۤءِ الْمُهٰجِرِيْنَ الَّذِيْنَ اُخْرِجُوْا مِنْ دِيَارِهِمْ وَاَمْوَالِهِمْ يَبْتَغُوْنَ فَضْلًا مِّنَ اللّٰهِ وَرِضْوَانًا وَّيَنْصُرُوْنَ اللّٰهَ وَرَسُوْلَهٗۗ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الصّٰدِقُوْنَۚ
 
“Tumrape wong-wong fekir kang podo hijrah kang diusir songko desane lan bandane, lan kerono murih kanugerahan lan karidhan songko Allah, lan wong-wong kuwi tansah mitulungi agamane Allah lan utusane. Ya wong-wong kang koyo mengkono kuwi kang pada bener.” (QS Al-Hasyr: 8) 
 
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
وَللهِ اْلحَمْدُ
 
Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah
Mekaten antawisipun hikmah anggenipun dipun syariataken ibadah kurban, minongko ibadah raos kumawulo dateng ngarsanipun Allah, lan ugi  minongko amal berdimensi sosial ingkang sanget dipun raosaken manfaatipun dining sesamining manungso. Menawi syariat puniko saget kaleksanaken kanti sae, tentu sedoyo umat Islam bade ngraosaken lan nekseni kaagunganipun  syariat agami puniko. 
 
Bilih syariat agami kito puniko tansah mbekto dateng keseimbangan  antawis perkawis kalih hablum minallah lan hablum minannas, antawis duniawi lan ukhrawi, mekaten ugi sanget ngormati dateng akal, njagi katenangan  jiwa lan jasmani, sahinggo bade sampurno kebahagiaanipun manungso. 
 
Mugi-mugi Allah maringaken hikmah saking ibadah kurban puniko. Sahinggo poro kawulanipun ngraosaken berkah lan faedah ingkang katah ing dinten Riyoyo Kurban puniko. Soyo gumbregah nindakaken taat ibadah dateng  Allah taala, lan ugi ibadah sosial remen tetulung lan welas asih dateng sesami, kangge nggayuh kabekjaning gesang donya lan akhirat. 
 
اَللهُ أَكْبَرُ 
وَللهِ اْلحَمْدُ

 
Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah
Kito nindakaken ibadah kurban kerono nderek tindakipun bapa kito Nabi Ibrahim, Allah dawuh:
 


   اَنِ اتَّبِعْ مِلَّةَ اِبْرٰهِيْمَ حَنِيْفًاۗ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِيْنَ
 
“.....ndereko sira marang agamane Ibrahim kang lurus, lan Ibrahim iku dudu golongane wong kang pada anyekuthoake.” (QS An-Nahl: 123)
 
Nabi Ibrahim as nampi ujian ingkang sanget amrat wusananipun Allah ngangkat derajatipun Nabi Ibrahim jalaran milo lulus ujian. Tumrap kito nampi pacoban saking Allah menawi saget nampi kanti sabar lan ridha, sahinggo imanipun soyo tambah, soyo mempeng nindakaken ngibadah.  

 
Insyaallah kito bade kaparingan derajat ingkang langkung luhur menggahipun Allah. Kawontenan kito bade langkung sae manah langkung Tentrem. Insyaallah kito bade manggih karaharjan lan kemakmuran. Allah sampun paring pangandiko: 

 
مَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّنْ ذَكَرٍ اَوْ اُنْثٰى وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَنُحْيِيَنَّهٗ حَيٰوةً طَيِّبَةًۚ 

 
“Sing sopo wonge amal soleh nindakake kebecikan, lanang utowo wadon, ing mongko wong iku beriman, mesti wae wong iku tak paringi panguripan kang  makmur.’’ (QS An-Nahl: 97) 

 
Wusono mugi-mugi kito tansah kaparingan kawilujengan, katentreman, lan kebahagiaan soho karidlan saking ngarso dalem Allah swt. Amin. 
 
 
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّه هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
 
 
Khutbah II
اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ اَللهُ أَكْبَرُ
 اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِي إلىَ رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا
 أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ 
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَالدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَاوَاِنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
 عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبى وَيَنْهى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ 
 
 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja
 


Khutbah Terbaru