• logo nu online
Home Nasional Banten Raya Warta Keislaman Tokoh Khutbah Sejarah Opini Pesantren NU Preneur Ramadhan 2023
Jumat, 17 Mei 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Gilir Gumantosing Mongso

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Gilir Gumantosing Mongso
Ilustrasi. (NUO)
Ilustrasi. (NUO)

Khutbah I

الْحَمْدُ لِلّهِ وَ الْحَمْدُ لِلّهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّهِ . أَشْهَدُ أنْ لا إلهَ إلا اللهُ وَحْدَه لا شَرِيكَ لَهُ وأَشهدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَانَبِيّ بَعْدَهُ . اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى نَبِيِّنَا مُحَمَّدابْن عَبْد الله وَعَلى ألِهِ وَأَصْحَابِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ، فَإِنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ في مُحْكَمِ كِتَابِهِ: وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوى، وَاتَّقُونِ يَا أُولِي الْأَلْبَاب . وَقَالَ: يَٰٓأَيُّهَا ٱلَّذِينَ ءَامَنُوا۟ ٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ وَلْتَنظُرْ نَفْسٌ مَّا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَٱتَّقُوا۟ ٱللَّهَ إِنَّ ٱللَّهَ خَبِيرٌۢ بِمَا تَعْمَلُونَ


Para sederek Muslimin ingkang minulyo

Monggo kito tansah nambahi ajrih lan takwa kito dumateng Allah ta’ala, injih kanti nindakaken dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan awisanipun. Mugi-mugi kito tansah kaparingan rahmat lan hidayah saking ngarso ndalem Allah ta’ala. Amin.

 


Poro sederek Muslimin ingkang minulyo

Gilir gumantosing mongso, rinten lan dalu, mletek lan surupipun serngenge, wekdal terus lumampah, wusono dumugi gumantosing warso enggal, ingkang tentu mbekto harapan enggal. Sedoyonipun meniko mboten lumampah piyambak, ananging tentu wonten ingkang nglampahaken, inggih saking kuwasa lan kersanipun Allah subhanahu wa ta’ala.

 


Tumrap kito sageto dados tepo tulodo ingkang saget nambahi kandel lan tebelipun iman kito dateng panguwaosipun Allah ta’ala. Kados dawuhipun:

 


اِنَّ فِيْ خَلْقِ السَّمٰوٰتِ وَالْاَرْضِ وَاخْتِلَافِ الَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَاٰيٰتٍ لِّاُولِى الْاَلْبَابِۙ

 

“Saktemene ono ing katitahe langit lan bumi, lan gilir gumantining wengi lan rino, yekti dadi tondo bukti kekuasaane Allah tumrap wong kang pada nduweni akal.(Ali Imran 190)

 


Wekdal ingkang tansah lumampah tanpo wonten kendelipun, soyo tambah umur kito ateges soyo caket dateng watesing umur ingkang sampun pinesti. Sadar utawi mboten kito sodoyo puniko antri tumuju garis finis, akhiring lelampah gesang kito ing ngalam donya puniko. Pramilo kangge nglajengaken pagesangan puniko, prayogi tumrap kito nderek ingkang kadawuhaken Kanjeng Nabi Muhammad saw ingkang artosipun kirang langkung mekaten:

 


“Nganyarno siro ing prahu, sebab segoro iku jero. Ngalapo siro ing sangu kang sampurno, jalaran lelakone adoh. Ngentengno siro ing gawan, jalaran dalane angel lan rumpil. Lan ngamalo siro kelawan ikhlas, kerono saktemene Allah banget waspada tansah niti prikso.”

 


Poro sederek Muslimin rahimakumullah

Wonten ing warso enggal puniko, kito kedah gumbregah kanti semangat enggal pados sangu kanti ngamal saleh murih ridlanipun Allah. Mekaten ugi nilar pendamel awon kanti tobat, neja nebihi mungkarot supados pikantuk pangapunten doso lan kalepatan kito. Jalaran tiyang ingkang tobat persasat kados mboten gadah lepat. Kados dawuh Kanjeng Nabi:



اَلتَّائِبُ مِنَ الذَّنْبِ كَمَنْ لاذَنْبَ لَه


“Wong kang tobat (kelawan sak temene) soko dosane, mongko koyo-koyo wong mau ora nduwe dosa.” (HR Al-Baihaqi)



Poro sederek Muslimin ingkang minulyo

Mugi-mugi Allah tansah paring pangrekso dateng kito lan sedoyo keluargo kito, pinaringan wilujeng saking bala lan musibah, kito tetep madep mantep ngatahaken pandonga dateng Allah ta’ala, mugi kito kaparingan pagesangan ingkang sae, lan tansah kaparingan rahmat lan kanugerahan saking ngarso dalem Allah ta’ala.


 

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَة وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّه هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

 
 

Khutbah II

الْحَمْدُ لِلّهِ وَ الْحَمْدُ لِلّهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّهِ . أَشْهَدُ أنْ لا إلَهَ إلا اللهُ وَحْدَه لا شَرِيكَ لَهُ وأشهدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُه وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَانَبِيّ بعدَهُ . اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى ألِه وَأَصْحَابِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ فَيَاأَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالى اِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَه يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ . اللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اللّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ, اَللّهُمَّ وَفِّقْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا لِمَا تُحِبُّهُ وَتَرْضَاهُ، اَللّهُمَّ أَعِنْهُمْ عَلى طَاعَتِكَ وَاهْدِهِمْ سَوَاءَ السَّبِيْلِ، اَللّهُمَّ جَنِّبْهُمْ الْفِتَنَ مَاظَهَرَ مِنْهَا وَمَابَطَنَ، إِنَّكَ عَلى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ,   رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ.

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبى وَيَنْهى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِه يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ





Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja


Khutbah Terbaru