• logo nu online
Home Nasional Banten Raya Warta Keislaman Tokoh Khutbah Sejarah Opini Pesantren NU Preneur Ramadhan 2023
Selasa, 30 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman Zakat Fitrah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Kautaman Zakat Fitrah
Ilustrasi zakat fitrah. (Foto: Freepik)
Ilustrasi zakat fitrah. (Foto: Freepik)
Khutbah I
أَلْحَمْدُ لِلّهِ اَلَّذِى فَرَضَ زَكَاةَ الْفِطْرِ تُهْرَةً لِلصَّائِمِيْنَ وَطُعْمَةً لِلمَسَاكِيْن. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللّهِ وَحْدَه لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ الْمُبِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُه وَرَسُوْلُه صَادِقُ الْوَعْدِ الْأَمِيْن. أَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ سَيِّدِ الْأَوَّلِيْنَ وَالْأخِريْنَ. وَعَلى ألِه وَأَصْحَابِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إلى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللّهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللّهِ الْمَلِكِ الْقُدُّوْسِ إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاهُ نَسْتَعِيْنُ. قَالَ تَعَالى فِى كِتَابِهِ الْمُبِيْنِ: قَدْ أَفَلَحَ مَنْ تَزَكّى
 

Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Monggo samiyo tansah netepi takwa dateng Allah, kanti takwa ingkang sak estu, kanti nindakaken sedoyo perintahipun, saha nebihi sedoyo awisanipun. Supados kito pikantuk rahmat lan kanugerahan gesang kito, ing alam donyo punika ngantos mbenjang dumugi ing akhirat, Amin. 
 

Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Wulan Ramadhan sampun bade paripurna lan bidal nilaraken kito sedoyo. Kito estunipun ngraos cuwa dereng saget tumandang ibadah ingkang jumbuh kalian kamulyanipun Ramadhan. Panyuwun kito, mugi kito kaparingono yuswo panjang saget pinanggih malih kalian Ramadhan tahun ingkang bade dateng. 
 

Wonten ing akhiripun Ramadhan puniko kito dipun wajibaken zakat fithrah, minangko kagem nyampurnaaken ibadah siyam kito. Kewajiban meniko minongko kabekjan tumrap tiang ingkang nindakaken. Kados dawuhipun Allah: 
 
قَدْ أَفَلَحَ مَنْ تَزَكّى
 
 
’’Temen-temen bejo kemayangan wong kang bebersih (kanti mbayar fitrah).’’ 
 

Mekaten ugi wonten dawuh hadits ngendikaaken ingkang artosipun kirang langkung mekaten: 


“Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam merdhoaken zakat fitrah minongko kanggo nucekaken wong kang poso soko lelahan guneman kang kotor lan  minongko suguhan kanggo wong-wong miskin.” (HR Abu Dawud) 
 

​​​​​​​Poro sederek Muslimin ingkang minulyo Miderek dawuh kasebat, zakat fitrah minongko kewajiban tumrap kito. Milo ampun ngantos dipun lirwakaken, ampun ngantos perkawis ingkang  sunnat malah langkung dipun tengenaken. Kadosto, pasugatan riyayan, ageman enggal tur sae. Ing dinten riyoyo milo bade dahar ngunjuk eco, pakaian enggal tur awis, monggo, nanging kewajiban kedah dipun utame-aken.  
 

​​​​​​​Dene hikmahipun minongko nyampurnakaken lan mbersihaken siyam kito saking tumindak lan ucapan ingkang kirang prayogi, ingkang kongang nacataken dateng siyam kito. Mekaten ugi kangge ngetingalaken raos kawelasan dateng sederek kito ingkang kirang bahagia ing dinten riyadin. Ampun ngantos wonten ing dinten ingkang kebak kebingahan tasih kito panggihaken sak perangan  sederek kito ingkang njejaluk namung kangge isen-isenipun weteng. 
Kanjeng Nabi paring dawuh ingkang artosipun kirang langkung mekaten: 
 

“Cukupno butuhe wong-wong miskin supoyo ora podo njejaluk ing dinane riyoyo.” (HR Al Baihaqi) 
 

​​​​​​​Poro sederek Muslimin ingkang minulyo Mekaten ugi zakat fitrah bade nyampurnaaken ibadah wajib, siyam Ramadhan, keporo wonten dawuh pangandikan bilih siyamipun kawulo dereng saget katur wonten ngarsanipun Gusti Allah ngantos piyambakipun ngedalake zakat fitrah.  Kados dawuh hadits ingkang artosipun kirang langkung mekaten:   


“Posone kawulo iku tansah gumantung ana ing antarane langit lan bumi, sahingga deweke nekani zakat fitrah.” (HR Ad Dailami) 
 


​​​​​​​Pramilo monggo kita tuhoni kewajiban kito sedoyo ngedalaken zakat fitrah, ing pangajab mugi sedoyo ibadah kito, inggih siyam kito, shalat kito, tadarus  kito, sedekah kito, thalabul ilmi kito, sedayanipun makbul katampi wonten ngarsa dalem Allah ta’ala. Amin.
 
بَارَكَ اللّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَ وَتَه اِنَّه هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
 
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفَى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفى، وَعَلى آلِه وَأَصْحَابِه أَهْلِ الْوَفَا. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَه لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا، اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اَللّهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبى ويَنْهى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ


​​​​​​​
 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja


Khutbah Terbaru