• logo nu online
Home Nasional Banten Raya Warta Keislaman Tokoh Khutbah Sejarah Opini Pesantren NU Preneur Ramadhan 2023
Sabtu, 4 Mei 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Panggirigodaning Donyo

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Panggirigodaning Donyo
Ilustrasi tumindak mboten sahe.
Ilustrasi tumindak mboten sahe.
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ القَائِلِ فِي كِتَابِهِ الكَرِيمِ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْاۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ". وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلى اٰلِه وَأَصْحَابِه وَالتَّابِعِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَه لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ المُصَلُّونَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
 
Kaum Muslimin rahimakumullah
Monggo sami kito nambahi takwa lan taat kito dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh-dawuhipun, lan nebihi awisanipun. Kanti takwa dumateng Allah, kito bade kaparingan rahmat lan kawilujengan saking ngarso Dalem Allah ta’ala.  
 

Kaum Muslimin rahimakumullah
Wonten ing zaman sak meniko, ingkang dipun westani zaman melenial, sarono pagesangan sedoyo tansah cumawis, saking dhaharan, unjukan, kendaraan, menopo dene hiburan, menawi kito kirang waspodo, kito bade kabujuk lan kesengsem, ingkang tundonipun tiang nuruti kekajenganipun nafsu, lan bade kejlomprong wonten ing juranging kanistan.  
 

Mila Kanjeng Nabi Muhammad saw nate dawuh ingkang artosipun kirang langkung mekaten: 

 
“Demi Allah dudu kefakiran kang tak khawatirake tumrap siro kabeh, ananging kang dak khawatirake yoiku menowo kadunyan wus den beber marang siro kabeh, koyo dene wus dibeber kanggo wong sak durunge siro kabeh, mula siro kabeh banjur podo lelumban, mulo bakal nggawe rusak marang siro kabeh koyo dene anggone wus nggawe rusak marang sak durung iro.’’ 
 

Kaum Muslimin ingkang minulyo
Sampun kabukten, wonten pundi papan kito panggihi warung dhaharan lan unjukan, warung sandangan, kendaraan, lan hiburan, menopo  kemawon wonten, kados gusti Rasul nate nyifati: 
 
“Bakal ono wong-wong soko umat ingsun dheweke podo mangan sak wernane panganan, podo ngombe werno-wernone omben-omben, podo nganggo werno- wernane sandangan ya deweke iku elek elek umat ingsun.” 

 
Kaum Muslimin ingkang minulyo
Katah tiyang ingkang kepencut gebyaripun donya ananging mboten keconggah, lajeng stres, wonten malih ingkang lajeng nekat pokok hasil karepe, mboten nggagas halal haram, sing penting keturutan pepinginane, inggih tiyang meniko  ingkang dening Allah pun westani kawulane nafsu, lan hawa. Kados dawuhipun: 
 
   اَفَرَءَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ اِلٰهَهٗ هَوٰىهُ وَاَضَلَّهُ اللّٰهُ عَلٰى عِلْمٍ وَّخَتَمَ عَلٰى سَمْعِهٖ وَقَلْبِهٖ وَجَعَلَ عَلٰى بَصَرِهٖ غِشٰوَةًۗ فَمَنْ يَّهْدِيْهِ مِنْۢ بَعْدِ اللّٰهِۗ اَفَلَا تَذَكَّرُوْنَ

 
“Opo siro (Nabi Muhammad) ngerti, wong kang ndadekake howo nefsune minongko pengerane lan Gusti Allah nyasarake wong iku kanti ilmune, Gusti Allah ngunci pengerungu lan atine serto nutup peningalane, sopo sing iso maringi pituduh marang deweke sak wuse Gusti Allah (nyasarake)? Opo siro kabeh ora podo eling.” (QS Al-Jasyiyah: 23)

 
Tiyang ingkang kumawula dumateng howo nefsunipun, ingkang nyembah lan nganggep pengeran dateng howo nefsunipun, bade mlenceng saking margining keleresan. Kados Gusti Allah ngemutaken dumateng Nabi Daud as: 
 
وَلَا تَتَّبِعِ الْهَوٰى فَيُضِلَّكَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِۗ اِنَّ الَّذِيْنَ يَضِلُّوْنَ عَنْ سَبِيْلِ اللّٰهِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيْدٌ ۢ بِمَا نَسُوْا يَوْمَ الْحِسَابِࣖ 

 
“....lan siro ojo nuruti howo  nefsu sebab bakal nyasarake siro saking dalane Gusti Allah lan saktemene sopo kang sasar soko dalane Gusti Allah, tumrap dheweke siksa kang abot sebab olehe pada lali ing dina hisab.” (QS Shad: 26) 
 
Mongoa kito nyuwun dateng ngarso dalem Allah ta’ala, mugi-mugi Allah maringi rahmat lan kanugerahan, pitedah lan pitulungipun dateng kito sedoyo, nglajengaken pagesangan kanti ridlanipun Allah subhanahu wa ta’ala. 
 
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَ وَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
 
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّٰهِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ بنِ عَبدِ الله وَعَلى اٰلِه وَأَصْحَابِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلى يَوْمِ القِيَامَة. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ المُسلِمُونَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ. وَاعلَمُوا إِنَّ ٱللَّهَ مَعَ ٱلَّذِينَ ٱتَّقَواْ وَّٱلَّذِينَ هُم مُّحْسِنُونَ. قَالَ تَعاَلى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيّ يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُم بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبى وَيَنْهى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِه يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر
 

 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja


Khutbah Terbaru