• logo nu online
Home Nasional Banten Raya Warta Keislaman Tokoh Khutbah Sejarah Opini Pesantren NU Preneur Ramadhan 2023
Selasa, 30 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Riyoyo Iku Ngukup Kemenangan

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Riyoyo Iku Ngukup Kemenangan
Ilustrasi Idul Fitri. (Foto: Freepik)
Ilustrasi Idul Fitri. (Foto: Freepik)
Khutbah I
اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَه لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُه وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين، أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالى فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
 
Poro sederek Muslimin rahimakumullah
Monggo sami kito nambahi takwa lan takwa kito dateng Allah, kanti ngestokaken dawuh-dawuhipun, lan nebihi sedoyo awisanipun. Inggih namung kanti takwa  dumateng Allah punika kito bade kaparingan rahmat lan kabekjan saking ngarso Dalem Allah ta’ala.  


Jamaah Jumat rahimakumullah
Sak purnanipun kito nindakaken jejibahan ibadah siyam wonten ing Wulan Ramadhan kepengker, pramilo dinten kito sampun lumebet ing Wulan Syawal. Pengadatan wonten ing masyarakat kito sami ngleksanaaken tradisi halal bihalal soho silaturrahim ngraketaken pasederekan antawis sesamining wargo masyarakat. Kanti suka lan gumbiro upacara meniko dipun leksanakaken. Prasasat kados dene prajurit ingkang nembe wangsul saking madyaning peperangan kanti ngukup kamenangan. 
 
Kemenangan punika inggih anggenipun kasil nelukaken hawa nafsu kanti siyam sewulan natas. Milo pepindanipun siyam meniko perang, riyoyo meniko menang. Sedoyo dosa dipun paringi pangapunten dening Allah, ugi dipun halalken kalepatan antawis sesami anak Adam. Sak lajengipun gesang bebrayan ing madianing  masyarakat kanti lodang uwal saking samu kawis beban kalepatan, jalaran kanti halal bihalal ngapura-ingapuran nglilakaken lan mbebasaken saking beban sesanggan kalepatan pribadi, kanti jembar lan longgaring manah soho tulusing batos. Ing pangajab Allah maringaken rahmat kawelasan dateng kita, kados dawuhipun wonten Al-Qur’an:

  
فَاعْفُ عَنْهُمْ وَاصْفَحْۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ
 
 
“Aweho pangapuro siro kabeh marang wong liyo, lan aweho kalonggaran, sejatine Allah iku Dzat kang Maha Tresna marang wong kang agawe becik.” (QS Al Maidah: 13) 
 
Poro sederek Muslimin rahimakumullah
Manungso mboten saget uwal saking khilaf lan lepat ing sak lebetipun bebrayan lan mu’asyarah dateng sesame. Mekaten ugi doso lan lepat dateng Allah, ingkang dipun wastani doso huququllah, dene doso lepat ingkang tuwuh sak lebeting sesrawungan, bebrayan mu’asyarah dateng sesami manungso dipun wastani huququl adamy. 
 

Doso haqqullah saget pikantuk pangapunten saking ngarsanipun Allah kanti tobat lan istighfar nyuwun pangapunten dateng Allah. Pramilo pangajab kito kanti siyam Ramadhan kapengker, kito pinaringan maghfirah sedoyo doso lepat  kito saking ngarso Dalem Allah. Pramilo swasono dinten Idul Fitri puniko satunggaling momentum ingkang tepat kangge ngleksanakaken halal  bihalal, lan ngapura-ingapuran. 
 
Inggih saatipun manah kito sami luluh lan lilih kaperbawan dening swasono  Idul Fitri. Pengadatan kito sami silaturrahim, salam-salaman, sinarengan atur panyuwunan pangapunten antawis setunggal lan sawenehipun. Kanjeng Nabi sampun ngendika ingkang artosipun kirang langkung mekaten: 
 

“Endi-endi ano wong Islam loro, kang podo ketemu, nuli podo salaman karone, mongko mesti dilebur dosone wong loro kuwi sak durunge pepisahan karone.” (HR Ahmad) 
 

Kaum Muslimin rahimakumullah
Wonten masyarakat pengadatan halal bihalal puniko kanyata mengku manfaat lan faedah ingkang katah. Ing antawisipun bade kabangun malih raketing hubungan kekeluargaan lan kekadangan antawis kito lantaran silaturrahim. Menggah faedahipun silaturahim sampun terang mboten mamang malih tumrap kito. Inggih puniko jembar lan longgaripun rizki soho panjangipun umur. Kalih perkawis meniko minangko kabetahan mutlak tumrap sedoyo tiyang gesang. Dawuh Nabi ingkang artosipun kirang langkung:  


’’Sopo wonge kepengin dijembarake rizkine lan ditunda ajale, mongko senengo nyambung paseduluran.’’ (HR Muslim) 
 

Poro sederek Muslimin rahimakumullah 
Akhiripun, mugi-mugi kito tansah kaparingan kawilujengan katentreman lan kemanunggalan soho persatuan lan kesatuan kita, wusananipun manggih  kabekjan lan pikantuk karidlan saking ngarso Dalem Allah swt. Amin.
 
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَ وَتَه اِنَّه هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ

 
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سيدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِه وِأَصْحَابِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلى يَوْمِ الدّيْن. اَمَّا بَعْدُ
فَيَا اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ تَعَالى وَذَرُوا الْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَ وَمَا بَطَنْ، وَحَافِظُوْاعَلى الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمُعَةِ وَالْجَمَاعَةِ.  وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَه يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيّ يَاَ يُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا  اَللّهُمَّ صَلِّ عَلى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعوةِ،  اللّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنَ البَرَصِ وَالجُنُونِ والجُذَامِ وَسَيِّءِ الأسْقَامِ  رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا, اللّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدى والتُّقَى والعَفَافَ والغِنَى، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ  وَصَلَّى اللهُ عَلى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَصَحْبِه و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبى ويَنْهى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
 
 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja


Khutbah Terbaru