• logo nu online
Home Nasional Banten Raya Warta Keislaman Tokoh Khutbah Sejarah Opini Pesantren NU Preneur Ramadhan 2023
Minggu, 28 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sugeng Rawuh Ramadhan

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Sugeng Rawuh Ramadhan
Ilustrasi menyambut Ramadhan. (Foto: Freepik)
Ilustrasi menyambut Ramadhan. (Foto: Freepik)
Khutbah I
اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلَى الِه وَأصْحابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين، أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الإِخْوَان، أوْصُيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
 
 
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Monggo sami kito nambahi takwa lan ajrih kito dumateng Allah, kanti nindakaken dawuh-dawuhipun, lan nebihi sedoyo awisanipun. Mugi-mugi kita tansah kaparingan rahmat kawilujengan saking ngarso Dalem Allah ta’ala, amin.
 
Kaum Muslimin ingkang minulyo
Gilir gumantosing mongso tansah lumampah mboten wonten kendelipun, kito mboten kraos sampun bade lumebet ing wulan suci Ramadhan. Pramilo monggo kito nglahiraken raos syukur lan remen saget pinanggih malih kaliyan wulan suci  Ramadhan. Kanti raos remen kemawon kadumugen wulan Ramadhan sampun ageng kautamenipun. 
 
Kanjeng Nabi sampun paring dawuh ingkang artosipun kirang langkung mekaten: “Sopo wonge bungah sebab tumekane sasi Ramadhan, Allah nglarang jasade wong mau mlebu neroko.”
 
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Naliko sampun dumugi akhir ipun wulan Sya’ban ngaten puniko, kolo semanten Kanjeng Nabi dawuh wonten ing khutbahipun, ingkang artosipun kirang langkung mekaten:
 
“He eling-eling poro manungso, temenan bakal tumeko sawijining wulan kang agung, kang dibarokahi, kang mayungi marang sira kabeh. Yaiku sasi Ramadhan, ing wulan Ramadhan kuwi ana sawijining wengi kan diarani Lailatul Qadar, kang kautamane ngungkuli sewu wulan. Allah wis amajibake pasa ing sasi kuwi, lan disunatake shalat wengi ing sasi kuwi, sing sopo wonge ngibadah taqarrub marang Allah, ono ing sak jerone wulan mau, kelawan amal kabecikan mongko koyo-koyo nindakake ibadah fardlu ing sak jerone sasi liyane.  Lan sing sopo wonge ngibadah fardlu siji ing wulan Ramadhan, mongko koyo ngibadah pitung puluh fardlu ing sasi liyane. Lan sasi Ramadhan iku sasi sabar, dene sabar iku ganjarane suwargo, Ramadhan iku sasi kanggo asih-asihan, lan sasi iki mangsane ditambahi peparing rezeki.” (HR Ibnu Khuzaimah lan Al Baihaqi)
 
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Dene menopo sebabipun Allah maringaken rahmat ingkang semanten katahipun, jalaran Allah nurunaken Al-Qur’an wonten ing sak lebetipun wulan Ramadhan, kados dawuh:
 
شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ
 
“Sasi Ramadhan iku, sasi kang den turunake Qur’an ing sak jerone sasi kuwi, minangka pituduhe para manungso, lan kang mertelakake sangka dalaning pituduh, lan kang ambedakake antarane perkara kang hak lan bathil….” (QS al-Baqarah: 185)
 
 
Mugi-mugi Allah maringi kanugerahan tetep iman Islam, yuswa panjang lan kesehatan, sahinggo kito nindakaken jejibahan siyam lan ibadah Ramadhan kanti enteng lan wusono katampi wonten ing ngarsanipun Allah ta’ala.
 
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَ وَتَه اِنَّه هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
 
 
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سيدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِه وِأَصْحَابِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلى يَوْمِ الدّيْن. اَمَّا بَعْدُ
فَيَا اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ تَعَالى وَذَرُوا الْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَ وَمَا بَطَنْ، وَحَافِظُوْاعَلىَ الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمُعَةِ وَالْجَمَاعَةِ.  وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَه يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيّ يَاَ يُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا  اَللّهُمَّ صَلِّ عَلى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. وَبَارِكْ عَلى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعوةِ،  اللّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنَ البَرَصِ وَالجُنُونِ والجُذَامِ وَسَيِّءِ الأسْقَامِ  رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا, اللّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدى والتُّقَى والعَفَافَ والغِنَى، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ  وَصَلَّى اللهُ عَلى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَصَحْبِه و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبى ويَنْهى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja


Khutbah Terbaru