Khutbah I
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلَى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ،
أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ.
ADVERTISEMENT BY OPTAD
اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: الَّذِيْنَ يَسْتَمِعُوْنَ الْقَوْلَ فَيَتَّبِعُوْنَ اَحْسَنَهٗ ۗ اُولٰۤىِٕكَ الَّذِيْنَ هَدٰىهُمُ اللّٰهُ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمْ اُولُوا الْاَلْبَابِ
Baca Juga
Berbakti kepada Orang Tua
ADVERTISEMENT BY ANYMIND
Kaum muslimin rahimakumullah
Langkung rumiyin kulo wasiat dumateng awak kula piyambak, ugi dumateng panjenengan sedoyo, monggo tansah samiya ningkataken taqwa dumateng Allah. Kanti nambahi tawakal lan pasrah dumateng Allah. Ugi ninda’aken sedoyo printahipun lan nebihi sedoyo awisanipun. Sehingga kito dados kawulo ingkang tansah dipun ridlani dening Allah.
ADVERTISEMENT BY OPTAD
Para putro lan putri kita minangko harapan lan penerus sejarah kito supados anggadahi ilmu, soho keahlian langkung-langkung anggadahi budi pekerti akhlakul karimah meniko mutlak kedah sami belajar kawruh agami lan tatakrami wonten ing bangkuning pasinaon. Jalaran kamulyan dunyo lan akhirat puniko mesti kanti lantaran kaweruh lan ilmu. Wondene ilmu punika namung saget dipun gayuh lantaran thalabul ilmi, lumantar pendidikan. Pramila minangka tiang sepuh kito kedah anggadahi kawigatosan, malah kedah nggadahi raos kuatos dateng para putro wayah menawi ngantos kawontenanipun ringkih, lan lemah babagan akidah lan pendidikanipun. Allah sampun paring dawuh :
وَلْيَخْشَ الَّذِيْنَ لَوْ تَرَكُوْامِنْ خَلْفِهِمْ ذُرِّيَّةً ضِعَافًا خَافُوْا علَيْهِمْ فَلْيَتَّقُوْا اللهَ وَلْيَقُوْلُوا قَوْلا سَديْداً
ADVERTISEMENT BY ANYMIND
’’Lan supayo wong-wong iku nduwe roso kuwatir lamun pada ninggalake tedak turun kang pada ringkih, becik supaya kuwatir marang kabeh mau. Mula pada wedio ing Gusti Allah lan pada ngucapa kelawan ucapan kang becik”. (QS an-Nisa’: 9)
ADVERTISEMENT BY ANYMIND
Ampun ngantos tiang sepuh mboten nggatosaken pendidikan lan sesrawunganipun para putro wayah, ngumbar putro putri dados panji klantung mboten sekolah, mboten ngaji, mboten makarya, mboten anggadahi arah tujuan hidup, ngantos ngicalaken kesempatan ing usia belajar, namung nunggu datengipun usia tua, utawi nengga datengipun ajal.
Kaum Muslimin rahimakumullah
Putro-putri kito, mboten cekap pinter kemawon, ananging pendidikan akhlak jauh lebih penting. Pramila pendidikan agami lan toto krami mutlak dipun betahaken dening para putro. Kito ampun nyalahaken tiang sanes menawi putro dados duroko lan lacut. Rasul paring dawuh:
كُلُّ مَوْلُودٍ يُوْلَدُ عَلى الفِطْرَةِ فَأبَوَاهُ يُهاوَدانِه اويُمَاجِسانِه اَوْ يُناصَرانِه
’’Kabeh bocah kang lahir, iku suci netepi ing ndalem pitrahe tumuli wong tuo lurune sing ndadekake bocah mau Yahudi, Majusi, utawa Nasrani.’’
Pramila prayogi pendidikan tentu kedah mempertimbangkan dateng keseimbangan dunia lan akhirat, awit kejawi kita nggayuh kemulyaan wonten akhirat, kito tentu anggadahi harapan gesang ingkang sae, yuswo panjang lan barokah. Sahinggo gesang kito, “sa’idun fiddunya wal akhirah”, bejo dunyo lan bejo akhirat, nderek dawuhipun Rasulullah:
لايُؤْمِنُ اَحَدُكُمْ مَنْ تَرَكَ دُنْيَاهُ لأخِرَتِه ولا أخِرَتَه لِدُنْيَاه
’’Mboten sempurno iman setunggaling tiyang ingkang nilaraken dunyonipun kangge akheratipun, lan mboten sempurna ugi piyantun ingkang ninggalaken akheratipun namung kagem dunianipun kemawon.’’
Mila manggo kita sedaya ngupadi pendidikan ingkang seimbang duniawi lan uhrawi, sejalan kalian nafas lan akidah kito Ahlussunnah wal Jama’ah, khususipun pendidikan ingkang magayutan kalian agami, samangke saget mikul duwur mendem jeru dateng tiyang sepehipun. Sehingga dados waladun shalihun yad’u lah, ugi dados tiyang ingkang sa’idun fiddunya wa sa’idun fil akhirah Amin ya rabbal ‘alamin.
Mekaten mugiyo dados pemut dateng kito khususipun, lumeber dumateng masyarakat kaum muslimin. Amin ya rabbal ‘alamin.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَ وَتَه اِنَّه هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَالْحَمْدُ لِلّٰهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّٰهِ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ
اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى ألِهِ وَأَصْحَابِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ. أَمَّا بَعْدُ،
فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَه يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى ألِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلَاءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلَازِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبى وَيَنْهى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Sebagian diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja
ADVERTISEMENT BY ANYMIND