• logo nu online
Home Nasional Banten Raya Warta Keislaman Tokoh Khutbah Sejarah Opini Pesantren NU Preneur Ramadhan 2023
Senin, 20 Mei 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Amar Ma’ruf Nahi Munkar

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Amar Ma’ruf Nahi Munkar
Ilustrasi. (Foto: NUO)
Ilustrasi. (Foto: NUO)
Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ لِلّهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَتُوْبُ إِلَيْهِ، وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا، مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ.  وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ.  اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سيدنا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيمَ وبَارِكْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سيدنا  إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيمَ فى العالمين إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ. اَمَّا بَعْدُ، فَيَااَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوْااللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَتَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَأَنـْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ
 

Sederek Muslimin ingkang minulyo
Monggo kito nambahi takwa lan taat kito dateng Allah, kanti estu-estu tansah netepi taat dateng sedoyo perintah lan dawuh-dawuhipun, soho nilar lan nebihi sedoyo awisanipun. Pangajab kito tansah pikantuk rahmat lan kanugerahan, saking ngarso  Dalem Allah ta’ala, wiwit ing alam donya puniko ngantos dumugining alam akhirat, Amin.  


Sederek Muslimin ingkang minulyo
Perkawis ingkang sekelangkung wigatos wonten ing tuntunaning agami kito, nanging katah dipun lirwakaken dining umumipun kito, kerono rumaos mboten wewenangipun, inggih puniko amar ma’ruf nahi munkar. Amergi kaprahipun kito nganggep bilih kangge nindakaken bab meniko sampun wonten petugasipun. Ing mongko kito sak estunipun anggadahi kewajiban nindak aken amar ma’ruf nahi munkar puniko, menawi kito kepengin nggayuh kabekjan, Allah paring dawuh : 
 

 
وَلْتَكُنْ مِّنْكُمْ اُمَّةٌ يَّدْعُوْنَ اِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُوْنَ بِالْمَعْرُوْفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِۗ وَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَ
 
“Lan becik anoho songko siro kabeh sak golongan kang ajak-ajak marang kabecikan, lan perintah nglakoni penggawe apik lan nyegah songko penggawe munkar, yo wong wong kang koyo mengkono iku wong kang merkoleh kabekjan.” (QS Ali Imran: 104) 

 
Pancen nindakaken dawuh meniko mila mboten enteng, menawi sekedar ajak-ajak nindakaken kesaenan taksih langkung gampil, sebab tiyang menika dipun ajak tumindak sae sinaosa mboten sanggup, nanging mboten nuwuhaken sengkelipun  tiyang wau. Nanging elik-elik pendamel awon puniko mila langkung amrat, amergi tiang ingkang tumindak awon meniko menawi dipun elikaken, langkung-langkung menawi dipun cegah lan dipun alang-alangi saget nesu lan muring-muring, minggahipun ngantos mengsahi, lan kadangkala mboten nggega ning awonipun malah soyo ndodro. 
 

Sinaosa amrat, kedah kito upayakaken amrih nahi munkar saget ngimbangi dateng amar ma’rufipun. Milo kasunyatan kito saget mirsani bilih katah tiyang remen nindakaken amal sae, nanging tumindak awonipun inggih tetep dipun lampahi.  Menika jalaran katah tiyang ngraos amrat elik-elik tiyang sanes tumindak awon, utawi ajrih ngadepi risiko dipun seriki lan dipun mengsahi dening tiyang ingkang dipun elikaken wau. Sinten mawon estunipun kedah nindakaken dawuh meniko,  miturut kemampuan lan kongangipun, dateng kemunkaran kedah ingkar. Nabi paring dawuh ingkang artosipun kirang langkung: 
 

 
“Sing sopo wonge songko siro kabeh weruh barang kang munkar, mongko wong kui kudu ngowahi kelawan kekuasaanne, menowo ora mampu, nganggo lisane, nganggo atine, lan kang nggono iku apes-apes iman.” 
 

Sederek Kaum Muslimin ingkang minulyo Elik-elik, nyegah lampah lan tumindak awonipun tiyang, milo kedah kanti kawicaksanan, ampun ngantos tiyang wau sakit manahipun, sageto tiyang puniko rumaos lan nyadari bilih pendamelanipun klentu lan awon. Wusananipun saget mareni kerono kesadaran saking tumindak awonipun. Kanti mekaten ateges nedahaken dateng tiyang wau tumuju lampah ingkang sae, sahingga ingkang  nedahaken ugi pikantuk kauntungan ganjaran saking ngarsanipun Allah. Kados dawuh Nabi ingkang artosipun kirang langkung mekaten: 
 

“Sing sopo wonge nuduhake marang kabecikan, mongko wong mau bakal oleh ganjaran podo karo ganjarane wong kang nglakoni kebecikan mau.” (HR Muslim) 
 

Mugi-mugi kito pinaringan pitedah pitulung saget nuhoni dawuhipun Allah nindakaken amar ma’ruf soho nahi munkar, kanti patuladan lampah kito  pribadi anggenipun tumindak sae menopo dene nilar kemunkaran lan awisanipun Allah ta’ala supados mboten cinacat dening masyarakat. Amin.
 

 
  بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ؛ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّه هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
 
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلهِ الَّذِيْ بِنِعْمَتِه تَتِمُّ الصَّالِحَاتُ، وَبِفَضْلِهِ تَتَنَزَّلُ الْخَيْرَاتُ وَالْبَرَكَاتُ، وَبِتَوْفِيْقِهِ تَتَحَقَّقُ الْمَقَاصِدُ وَالْغَايَاتُ. أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ لَانَبِيَّ بَعْدَهُ. اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَصَحْبِه المُجَاهِدِيْنَ الطَّاهِرِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ،  آيُّهَا الحَاضِرُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ، وَتَزَوَّدُوا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى.
إنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا اللَّهُمَّ صَلِّ عَلى سيدنا مُحَمَّدٍ، وَعَلى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ، كَمَا صَلَّيْتَ عَلى سيدنا إِبْرَاهِيمَ، وَعَلى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيمَ، وَبَارِكْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ، وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ، كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سيدنا إِبْرَاهِيمَ، وَعَلَى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيمَ، فى العالمين إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَاْلأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَاقَاضِيَ الْحَاجَاتْ.  اللَّهُمَّ أَصْلِحْ لَنَا دِينِنَا الَّذِي هُوَ عِصْمَةُ أَمْرِنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا دُنْيَانَا الَّتِي فِيهَا مَعَاشُنَا، وَأَصْلِحْ لَنَا آخِرَتَنَا الَّتِي إِلَيْهَا مَعَادُنَا، وَاجْعَلِ الْحَيَاةَ زِيَادَةً لَنَا فِي كُلِّ خَيْرٍ، وَاجْعَلِ الْمَوْتَ فِيهِ رَاحَةً لَنَا مِنْ كُلِّ شَرٍّ. رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا وَلِإِخْوَانِنَا الَّذِينَ سَبَقُونَا بِالْإِيمَانِ وَلَا تَجْعَلْ فِي قُلُوبِنَا غِلّاً لِّلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا إِنَّكَ رَؤُوفٌ رَّحِيمٌ . رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ.  . رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ  عباد الله، ان الله يأمر بالعدل والاحسان وايتاء ذي القربي وينهي عن الفحشاء والمنكر والبغي لعلكم تذكرون فاذكروا الله العظيم يذكركم واسألوه من فضله يعطكم ولذكر الله اكبر
 
 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja


Khutbah Terbaru