Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dinten Riyadin; Ngapuro lan Nglilaaken

Kamis, 3 April 2025 | 22:29 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Dinten Riyadin; Ngapuro lan Nglilaaken

Ilustrasi. Jamaah bersalaman dan saling memaafkan setelah Shalat Idul Fitri 1446 H di Masjid Jami Baitul Muminin, Komplek Pendidikan Rangkasbitung, Lebak, Banten, Senin (31/3/2025). (Foto: NUOB/Singgih AP)

Khutbah I
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ القَائِلِ فِي كِتَابِهِ الكَرِيمِ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْاۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ". وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلى اٰلِه وَأَصْحَابِه وَالتَّابِعِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَه لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اوصينى وإياكم بتقوى الله. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
 
 
Kaum Muslimin rahimakumullah
Monggo sami kito nambahi takwa dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh-dawuhipun, lan nebihi sedoyo awisanipun. Kanti takwa dumateng Allah puniko kito bade kaparingan kanugerahan saking Allah ta’ala.   
 
Jamaah Jumat rahimakumullah
Sak purnanipun kito nindakaken jejibahan ibadah siyam Ramadhan kepengker, kito lumebet ing Wulan Syawal kawiwitan kanti dinten riyadin Idul Fitri. Wonten ing masyarakat kito pengadatan sami halalbihalal soho silaturrahim ngraketaken pasederekan antawis sesamining wargo masyarakat. Swasana masyarakat prasasat kados dene prajurit ingkang nembe wangsul saking madyaning peperangan kanti ngukup kamenangan. Kemenangan puniko inggih anggenipun kasil nelukaken howo nefsu kanti siyam sewulan natas. 
 
Dados siyam meniko kados dene perang, lan riyoyo meniko kemenangan. Sedoyo doso dipun paringi pangapunten dening Allah, ugi dipun halalaken kalepatan antawis sesami anak Adam. Sak lajengipun gesang bebrayan ing madianing masyarakat kanti lodang uwal saking samu kawis beban kalepatan. 


Jalaran kanti halalbihalal, ngapuro-ingapuran nglilakaken lan mbebasaken saking beban sesanggan kalepatan pribadi, kanti jembar lan longgaring manah soho tulusing batos. Ing pangajab Allah maringaken rahmat kawelasan dateng kito, kados dawuhipun wonten Al-Qur’an: 

 
 
فَاعْفُ عَنْهُمْ وَاصْفَحْۗ اِنَّ اللّٰهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ ۝١٣

 
fa‘fu ‘an-hum washfaḫ, innallâha yuḫibbul-muḫsinîn
 
Artosipun: “Aweho pangapuro siro kabeh marang wong liyo, lan aweho kalonggaran, sejatine Allah iku Dzat kang Mohotresno marang wong kang agawe becik.” (QS Al Maidah: 13)  
 
Kaum Muslimin rahimakumullah 
Manungso mboten saget uwal saking khilaf lan lepat ing sak lebetipun bebrayan dateng sesami, mekaten ugi doso lan lepat dateng Allah. Dosa kekalihipun saget dipun paringi pangapunten dening Allah kanti miturut tatacaranipun piyambak piyambak. Doso haqqullah saget kalebur dening Allah kanti tobat lan istighfar nyuwun pangapunten dateng Allah. 
 
Kanti siyam Ramadhan kapengker, kito pinaringan maghfirah sedaya doso lepat kito dening Allah. Kwajiban kito nyuwun halal lan ridhanipun tiyang ingkang kito damel lepat. Swasana Idul Fitri puniko satunggaling momentum ingkang tepat kangge  silaturrahim, halalbihalal, lan ngapura-ingapuran antawis setunggal lan sawenehipun. Kanjeng Nabi sampun ngendika ingkang artosipun kirang langkung mekaten: 
 
“Endi-endi ono wong Islam loro, kang podo ketemu, nuli podo salaman karone, mongko mesti dilebur dosane wong loro kuwi sak durunge pepisahan karone.” (HR Ahmad) 
 
Kaum Muslimin rahimakumullah
Halalbihalal puniko mengku faedah bade kabangun malih hubungan kekeluargaan antawis kito. Dene faedah silaturrahim mboten mamang malih tumrap kito. Inggih puniko jembar lan longgaripun rizki soho panjangipun umur. Dawuh Nabi ingkang artosipun kirang langkung mekaten:  
 
’’Sopo wonge kepengin dijembarake rizkine lan ditunda ajale, mongko senengo  nyambung paseduluran.’’ (HR Muslim) 
 
Kaum Muslimin rahimakumullah 
Mugi-mugi kito kaparingono manah ingkang jembar lan longgar gampil paring menopo dene nyuwun pangapunten dateng sesami. Mekaten ugi remen silaturrahim sahingga tansah pikantuk rahmatipun Allah subhanahu wa ta’ala.
 
اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَاِن الرَّ جِيْمِ . ِبسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّ حِيْمِ
قُلْ اَعُوْذُ بِرَبِّ النَّاسِۙ ۝١
مَلِكِ النَّاسِۙ ۝٢
اِلٰهِ النَّاسِۙ ۝٣
مِنْ شَرِّ الْوَسْوَاسِ ەۙ الْخَنَّاسِۖ ۝٤
الَّذِيْ يُوَسْوِسُ فِيْ صُدُوْرِ النَّاسِۙ ۝٥
مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِࣖ ۝٦
 
 
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَ وَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
 

 
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّٰهِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ بنِ عَبدِ الله وَعَلى اٰلِه وَأَصْحَابِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلى يَوْمِ القِيَامَة. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ المُسلِمُونَ. اوصينى وإياكم بتقوى الله
 اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ. وَاعلَمُوا إِنَّ ٱللَّهَ مَعَ ٱلَّذِينَ ٱتَّقَواْ وَّٱلَّذِينَ هُم مُّحْسِنُونَ. قَالَ تَعاَلى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيّ يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُم بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبى وَيَنْهى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِه يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر
 

 
 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja