Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Jalaran Takwa, Perkoro Angel Dadi Gampang

Kamis, 19 Desember 2024 | 17:15 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Jalaran Takwa, Perkoro Angel Dadi Gampang

Ilustrasi orang berdzikir. (Foto: Freepik)

Khutbah I
 ألْحَمْدُ للهِ. اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ حَمْدًا يُوَافِيْ نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَهُ. يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. سُبْحَانَكَ اللّهُمَّ لَا أُحْصِيْ ثَنَاءَكَ عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِكَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُهُ، خَيْرُ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ اللهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا. اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى ألِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ، اوصيكم ونفسي بتقوى الله. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالى فِي الْقُرْاٰنِ الْعَظِيْمِ. أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ: وَلَوْ شَاۤءَ رَبُّكَ لَاٰمَنَ مَنْ فِى الْاَرْضِ كُلُّهُمْ جَمِيْعًاۗ اَفَاَنْتَ تُكْرِهُ النَّاسَ حَتّٰى يَكُوْنُوْا مُؤْمِنِيْنَ
 
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo 
Monggo tansah samiyo netepi takwa lan taat dateng ngarso Allah kanti ambudi doyo nindakaken sedoyo dawuh lan printahipun, soho nilar lan nebihi sedoyo awisanipun, insyaallah kito bade tansah kaparingan kabekjan wiwit alam donyo puniko ngantos mbenjang dumugi ing alam akhirat.
 
 
Poro sederek Muslimin rahimakumullah 
Tembung takwa puniko mboten asing tumrap kito, sampun biasa mireng lan kito ucapaken, kalimat meniko enteng sanget dipun ucapaken, nanging kangge nindakaken sakestu mboten gampil kados anggenipun ngucapaken. Menggah dawuhipun Imam Al Ghazali, bilih takwa puniko nderek sedoyo perintah lan nebihi sedoyo awisan. 
 
Ringkesipun takwa puniko ingkang langkung wigatos kedah mengku kalih perkawis. Nderek sedoyo perintah lan nebihi sedaya awisan. Estunipun kito kedah mangertos dasar dasar takwa ingkang sakestu. Milo takwa mbetahaken dateng ilmu, tanpa ilmu mboten mungkin tiyang saget netepi takwa. Poro ulama dawuh bilih takwa puniko rangkaian saking ilmu, amal, lan istiqamah. 
 
Pramilo wonten ing mriki dumunungipun kito wajib nindakaken tholabul ilmi. Jalaran ilmu minongko dasar takwa lan ibadah kito dateng ngarso dalem Allah subhanahu wa ta’ala. Sahingga mangertos kemawon dateng perintah-perintah lan laranganipun Allah, nanging mboten ngamalaken ilmunipun mboten saget kawastanan takwa. 
 
Semanten ugi tiyang ingkang mangertosi ilmu, lan ngamalaken ilmunipun dereng dipun wastani tiyang ingkang takwa menawi dereng saget istiqamah. Kewajiban dipun tindakaken, nanging nglampahi dosa lan awisan agami ugi jalan terus.
 
Meniko bukti bilih takwa puniko milo mboten enteng. Ananging menawi sakestu takwa saget katindakaken sianoso kanti amrat, wonten jaminan saking ngarsonipun Allah kebahagiaan gesang donyo ngantos akhirat. Dawuhipun Allah: 
 
اَلَّذِيْنَ اٰمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَۗ ۝٦
لَهُمُ الْبُشْرٰى فِى الْحَيٰوةِ الدُّنْيَا وَفِى الْاٰخِرَةِۗ لَا تَبْدِيْلَ لِكَلِمٰتِ اللّٰهِۗ ذٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيْمُۗ ۝٦
 
“Wong-wong kang pada iman lan pada taKwa, tumrap wong-wong mahu kabungahan ing ndalem panguripan donyo lan akhirat, ora ono owah-owahan kanggo janjine Allah, kang mengkono mau minangko kabegjan kang agung.” (QS Yunus: 63-64)
 
 
Sederek Muslimin ingkang minulyo 
Dados takwa sakestunipun ngrupekaken kebetahan kito, menawi kito kepengin nggayuh pagesangan ingkang bahagia donyo lan akhirat. Mekaten ugi saklebetipun pagesangan ingkang sarwo sulit lan kebak masalah puniko sakestunipun takwa ugi minongko jalan keluar kangge nggayuh pitulung lan kemudahan saking ngarso dalem Allah. Kados dawuhipun Allah ing Al-Qur’an: 
 
وَمَنْ يَّتَّقِ اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّهٗ مِنْ اَمْرِهٖ يُسْرًا
 
 “Lan sopo wae kang takwa marang Allah, mongko mesti Allah bakal ndadekake perkoro kang angel songko wong kuwi dadi gampang.” (QS At-Thalaq: 4) 
 
Menawi kito gesang meniko rumaos repot, menawi kedah netepi aturan-aturan sae ingkang arupi kwajiban menopo dene larangan, kanti alasan kepengen merdiko lan bebas nuruti kekarepan lan pepinginan, tentu bade getun keduwung tembe wingkingipun, wusononipun kesasar lampahipun wonten ing juranging kanistan lan kainan. 
 
Pramilo monggo samiyo kerso menggalih kanti weninging manah, pepenget saking Kanjeng Nabi saw ingkang artosipun kirang langkung mekaten.’’Uripo sak karepmu, ngertiyo siro mesti bakal mati, tumindako sak karepmu, ngertiyo siro mesti bakal diwales sebab tumindakmu, senengo sak karepmu, ngertiyo siro mesti bakal pisah karo kang sira tresnani.” 
 
Mugi-mugi kito tansah pinaringan pitedah lan pitulung saget nindakaken kewajiban kito ngumawula lan ngibadah dateng ngarsanipun Allah subhanahu wa ta’ala. Amin.
 

 
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَة وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّه هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

 
Khutbah II
 اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ أَنْعَمَنَا بِنِعْمَةِ الْاِيْمَانِ وَالْاِسْلَامِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ خَيْرِ الْأَنَامِ. وَعَلٰى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ الْكِرَامِ. أَشْهَدُ اَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ الْمَلِكُ الْقُدُّوْسُ السَّلَامُ وَأَشْهَدُ اَنَّ سَيِّدَنَا وَحَبِيْبَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صَاحِبُ الشَّرَفِ وَالْإِحْتِرَامِ
أَمَّا بَعْدُ. فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ
فَقَالَ اللهُ تَعَالَى اِنَّ اللهَ وَ مَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يٰأَيُّهَا الَّذِيْنَ أٰمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَ سَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَ عَلٰى أٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلٰى اٰلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلٰى سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ وَعَلٰى اٰ لِ سَيِّدِنَا اِبْرَاهِيْمَ فِي الْعَالَمِيْنَ اِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ اَللّٰهُمَّ وَارْضَ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ. وَعَنْ اَصْحَابِ نَبِيِّكَ اَجْمَعِيْنَ. وَالتَّابِعِبْنَ وَتَابِعِ التَّابِعِيْنَ وَ تَابِعِهِمْ اِلٰى يَوْمِ الدِّيْنِ
اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا الْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْنَ وَالْاَمْرَاضَ وَالْفِتَنَ مَا لَا يَدْفَعُهُ غَيْرُكَ عَنْ بَلَدِنَا هٰذَا اِنْدُوْنِيْسِيَّا خَاصَّةً وَعَنْ سَائِرِ بِلَادِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً يَا رَبَّ الْعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا اٰتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَ فِي الْاٰخِرَةِ حَسَنَةً وَ قِنَا عَذَابَ النَّارِ
عِبَادَ اللهِ اِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَيَنْهى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ. يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَ اشْكُرُوْهُ عَلٰى نِعَمِه يَزِدْكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرُ
 
 
 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja