Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Makaryo Pados Rezeki

Kamis, 3 Oktober 2024 | 15:53 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Makaryo Pados Rezeki

Ilustrasi makaryo pados rezeki. (Foto: Freepik)

Khutbah I
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِه نَسْتَعِيْنُ عَلى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ.أُوْصِيْنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِتَقْوَاللّهِ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
 
 
Kaum Muslimin ingkang minulyo
Monggo kito tansah nambahi ajrih lan takwa kito dumateng Allah subhanahu wa ta’ala, injih kanti nindakaken dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun, sahinggo kito kaparingan rahmat lan hidayah wusana bejo donyo lan akhiratipun. Amin. 
 
Kaum Muslimin ingkang minulyo
Sedoyo mahkluk ingkang gesang pinaringan rezeki, langkung-langkung kito poro manungso tentu dipun cawisi rezeki dening Gusti Allah, amergi manungso puniko langkung mulyo katimbang mahkluk sanesipun. Allah dawuh ing Al Qur’an: 

 
وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِيْٓ اٰدَمَ وَحَمَلْنٰهُمْ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْنٰهُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ 
 
wa laqad karramnâ banî âdama wa ḫamalnâhum fil-barri wal-baḫri wa razaqnâhum minath-thayyibâti
 
 
’’Demi yekti temenan Ingsun mulyakake anak Adam, Ingsun angkat ono ing darat lan laut, lan Ingsun paringi rezeki kang apik-apik....” (QS Al Isra’: 70) 
 
Kemirahan lan welas asihipun Allah dateng kito poro manungso ugi kanti anggenipun Allah maringi rezeki ingkang sarwo sae. Syekh Qadli Baedlawi ngendikaaken bilih anggenipun Allah mulyaaken manungso punika kanti perkawis lahir lan batin. Tegesipun tata lahiripun wewangunan ingkang langkung sae katimbang makhluk sanes. 
 
Dene ingkang batin tegesipun ingkang mboten kawistoro wujudipun inggih puniko wujudipun akal. Inggih kanti akal puniko manungso saget paham mangertosi dateng perkawis ingkang dipun tampi dening ponco ndriyo. Mekaten ugi kanti akal puniko manungso kaparingan pitedah kangge nggayuh pagesangan ingkang saedonyo lan akhirat. Lan ugi kanti akal puniko manungso saget nggulawentah menopo mawon ingkang wonten ing bumi puniko kangge lantaran pagesanganipun. 
 
Sahabat Ibnu Abas ra ngisyarataken kanti dawuhipun: 
 
إن كل حيوان يتنال طعامه بفمه الا الانسان فإنه يرفعه إليه بيده
 
“Bilih sedoyo kewan puniko mendet tetedanipun langsung kanti cangkemipun, kejobo manungso, dene manungso puniko ngangkat tetedan dateng tutukipun 
puniko kanti tanganipun.” 
 
 
Kaum Muslimin ingkang minulyo
Dawuh kasebat ngisyarataken bilih kamulyanipun manungso meniko dumunung 
wonten ing akalipun. Bilih hewan nedi kanti langsung, nisbat hewan bongso burung iggih kanti cucukipun, hewan bongso rumangkang inggih kanti  cunguripun, tanpo dipun reka dayani, nedinipun hewan langsung mawon tanpo dionceki, tanpo dimatengi. 
 
Wondene manungso nedi kanti tanganipun, puniko ngisyarataken bilih manungso
kanti akalipun anggadahi reko doyo, nedi ingkang eco-eco, menawi kulitan dipun onceki, mentah dimatengi. Emanipun kanugrahan puniko sering dipun supekaken dening katahipun manungso, sahinggo kanti nafsunipun manungso katah ingkang kecalan sifat kamanungsanipun ingkang sanget mulyo puniko. Wusananipun malah dados ino lan remeh katimbang makhluk hewani, lantaran anggenipun rakus,  ngongso, serakah, ngantos mboten merduleni awon sae, leres lepat, halal lan haram, sing penting keturutan karepe.  
 
 
Pramilo monggo samiyo gumbregah makaryo kanti niat lan sejo nempuh sarono nyadong rezeki kanti niat lan coro ingkang utami, insyallah sinaosa toto lahir kito makaryo pados rezeki guna kaya, nanging bade kalebet amal sae ingkang wonten piwales ganjaran saking ngarso dalem Allah ta’ala.
 
Jamaah Jumat ingkang minulyo
Mugi-mugi kito pinaringann pitedah saget tansah netebpi istiqamah wekasan pinaringan husnul khatimah. Amin.
 
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَاِيّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَ وَتَه اِنَّه هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
 
 
Khutbah II
 اَلْحَمْدُ لِلّهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ. اللّهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى ألِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. أُوْصِيْنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِتَقْوَاللّهِ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ. وقال تعالى يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوا اتَّقُوا اللّٰهَ حَقَّ تُقٰىتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ
اللهم اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ. اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هذَا خَاصّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامّةً، اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ .عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبى وَيَنْهى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ 
 


 
 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja