Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggayuh Nilai Tambah

Kamis, 2 November 2023 | 08:38 WIB

Khutbah 1

الحَمْدُ للهِ الّذِي لَهُ مَا فِي السَّموَاتِ وَمَا فِي اْلأَرْضِ وَلَهُ الحَمْدُ فِي الآخِرَة الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ يَعْلَمُ مَا يَلِجُ فِي الْأَرْضِ وَمَا يَخْرُجُ مِنْهَا وَمَا يَنْزِلُ مِنَ السَّمَاءِ وَمَا يَعْرُجُ فِيهَا وَهُوَ الرَّحِيْمُ الغَفُوْر . أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَهُ ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُه وَرَسُوْلُه الدَّاعِى بِقَوْلِه وَفِعْلِه إِلَى الرَّشَادِ اَللّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَأَصْحَاِبه الهَادِيْنَ لِلصَّوَابِ وَعَلَى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلى يَوْمِ اْلمَآبِ

اَمَّا بَعْدُ، فَيَآاَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، اِتَّقُوْااللهَ حَقَّ تُقَاتِه وَلاَتَمُوْتُنَّ اِلاَّ وَأَنـْتُمْ مُسْلِمُوْنَ فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالى فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: الْيَوْمَ نَخْتِمُ عَلى أَفْوَاهِهِمْ وَتُكَلِّمُنَا أَيْدِيهِمْ وَتَشْهَدُ أَرْجُلُهُمْ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ


Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo

Sumonggo tansah samiyo nambahi takwa lan taat dumateng Allah kanti takwa ingkang sak estu, kanti nindakaken dawuh lan nilar sedoyo awisanipun, ing pangajab kito tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking ngarsanipun Allah Ta’ala.

 


Sak lajengipun, monggo kito gatosaken dawuh pangandikanipun Allah wonten ing Al-Qur’an:

 


قَالَ يَآ أَيُّهَاالْمَلَأُ أَيُّكُمْ يَأْتِيْنِيْ بِعَرْشِهَا قَبْلَ أَنْ يَأْتُوْنِيْ مُسْلِميْنَ
 

 


’’Ngendiko Nabi Sulaiman: He poro penggede, sopo di antara siro kabeh sing biso nekakake dampar kencanane Ratu Bilqis sak durunge deweke lan wadia balane sowan ana ngersaningsung minangka wong kang podo pasrah.” (QS An Naml: 38)

 


Riwayat saking ayat puniko, satunggal wekdal Nabi Sulaiman dawuh dateng penderekipun supados ngangkat dampar kencononipun Ratu Bilqis ingkang bade sowan, kanti wekdal ingkang cepet. Kacarito dawuh puniko dipun sanggupi dening jin ‘ifrit kanti mbetahaken wekdal sak dangunipun Nabi Sulaiman lenggah.

 


أَنَا أتِيْكَ بِه قَبْلَ اَنْ تَقُوْمَ مِنْ مَقَامِكَ



Kula ingkang sagah bade ndumugekaken sak derengipun paduko jengkar nilaraken palenggahan.” (QS An Naml: 39)

ِ


Ananging sawenehing tiang ingkang anggadahi ilmu saking al-Kitab sanggup kanti wekdal ingkang langkung cepet, namung sak kedeping netro.

 


أَنَا أتِيْكَ بِه قَبْلَ اَنْ يَرْتَدَّ اِلَيْكَ طَرْفُكَ

 


“Kula bade ndumugekaken dateng paduka dampar kencono sak derengipun paduko ngedepaken netro.” (QS An Naml : 40)



Wusana Nabi Sulaiman dawuh dateng tiang kasebat. Saking ayat puniko saget kito alap piwucal babagan coronipun ngamal minangko etos kerja. Bilih menawi wonten kalih jenis amal ingkang bobotipun sami, cara ngasilaken ugi sami, hasilipun ugi sami, ananging wonten ingkang mbetahaken wekdal ingkang langkung cepet, kito kedah milih amal ingkang langkung cepet wekdalipun puniko.



Sambet kalian coro ngamal puniko, Kanjeng Nabi Muhammad dawuh bilih wonten kalih jenis amal ingkang bobotipun, coronipun ngamal lan betahipun wekdal ugi sami, ananging wonten ingkang ngasilaken ganjaran ingkang langkung katah, kito dipun dawuhi ngleksanaaken amal ingkang langkung katah hasilipun kasebat. Kados dene shalat fardhu, antawis jamaah lan mboten, wekdalipun kagem nindakaken shalat sami, coronipun nglampahi shalat kasebat antawis jamaah lan mboten jamaah, ugi sami.



Ananging hasilipun shalat jamaah langkung katah, tikel kaping 27. Pramila kita dipun dawuhi nindakaken shalat kanti jamaah. Jalaran ngasilaken ganjaran ingkang langkung katah ngantos lipet 27. Pramila puniko, monggo dawuh Nabi kasebat kito praktekaken wonten ing bab punopo kemawon. Ngagem busana nalika jumatan, umpominipun, antawisipun ngagem busana petak lan sanesipun. Coronipun sami (nglebetaken lengen, mawi benik, lan sanesipun). Wekdal ingkang dipun betahaken ugi sami, ananging menawi ngagem busono petak kita pikantuk nilai tambah kesunatan. Pramila sumangga kita renungaken kanti sadar, sepiro to abote kita mawi ageman petak? Menawi babagan dunia kacek sekedik kemawon kito gatosaken, kenging menopo wonten ing babagan akhirat kok mboten? Kanjeng Nabi sampun paring dawuh:

 


لا تَحْقِرَنْ مِنَ الْمَعْرُوْفِ شَيْئاً
 


’’Sira ojo sok ngremehake barang apik senajan mung cilik.’’

 


Langkung-langkung dumateng kito ingkang, ageng alitipun, sampun dipun dadosaken panutan, tentu prayogi kito nyontoni umat lan wargo kito wonten ing babagan puniko. Mugi-mugi Allah tansah paring taufiq lan hidayah dumateng kito. Amin.



 

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَة وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّه هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم


Khutbah II

اَلْحَمْدُ لِلّهِ عَلى إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلى تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِى إلى رِضْوَانِهِ. اللّهُمَّ صَلِّ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلى اَلِه وَأَصْحَابِه وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا

أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا

اللّهُمَّ صَلِّ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ

اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللّهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. اَللَّهُمَّ وَفِّقْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا لِمَا تُحِبُّهُ وَتَرْضَاهُ، اَللّهُمَّ أَعِنْهُمْ عَلى طَاعَتِكَ وَاهْدِهِمْ سَوَاءَ السَّبِيْلِ، اَللّهُمَّ جَنِّبْهُمْ الْفِتَنَ مَاظَهَرَ مِنْهَا وَمَابَطَنَ، إِنَّكَ عَلى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ

 رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ

عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبى وَيَنْهى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِه يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ


Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja