• logo nu online
Home Nasional Banten Raya Warta Keislaman Tokoh Khutbah Sejarah Opini Pesantren NU Preneur Ramadhan 2023
Jumat, 3 Mei 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentinge Nggolek Ilmu

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Pentinge Nggolek Ilmu
Mengaji kitab di Graha Aswaja NU Tangsel. (Foto: NUOB/M Izzul Mutho)
Mengaji kitab di Graha Aswaja NU Tangsel. (Foto: NUOB/M Izzul Mutho)

Khutbah I

إِنَّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلى يَوْمِ الدّيْن. فَيَا آيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِه لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.

 


Poro sederek Muslimin ingkang minulyo

Monggo kito tansah nambahi ajrih lan takwa kito dumateng Allah subhanahu wa ta’ala, injih kanti nindakaken dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun, sahinggo kito kaparingan rahmat lan hidayah wusana bejo donyo lan akhiratipun. Amin.

 


Poro sederek Muslimin ingkang minulyo

Kewajiban kito minangko kawula wonten ngarsanipun Allah, puniko ngumawula lan ngibadah dateng Allah ta’ala. Nanging kewajiban ibadah lan takwa dateng Allah puniko mboten bade saget kito tindakaken kejawi kanti dasar ngilmu. Dene ngilmu saget kito mangertosi kedah kito gayuh kanti talabul ilmi, nggolek ilmu. Sifat bodo puniko estu minongko penyakitipun manungso, mboten wonten obat lan tombo ingkang langkung mujarab kejawi ilmunipun poro ulama. Amargi poro alim ulama puniko sampun pikantuk otoritas saking Kanjeng Nabi sallallahu ’alaihi wa sallam kadadosaken warisanipun poro nabi, kanti pangandikanipun:



الْعُلَمَاءَ وَرَثَةُ الْأَنْبِيَاءِ

 

’’Para ulama iku minangka warise poro nabi”

 


Poro sederek Muslimin ingkang minulyo

Gusti Allah ndawuhaken dateng kito, supados sami pados ilmu dateng poro ulama. Allah ngendiko:


 فَسْـَٔلُوْٓا اَهْلَ الذِّكْرِ اِنْ كُنْتُمْ لَا تَعْلَمُوْنَ

 

“Pada takono siro kabeh ing ahli dzikir (poro ulama) lamun siro iku isih pada bodo.” (QS al-Anbiya:7)



Kanti ilmunipun poro ulama puniko ingkang bade dados obat lan jampinipun penyakitipun para manungso. Sarana ilmunipun poro ulama bade anjalari dados saenipun kawontenan gesang puniko. Kawontenan baldatun thayyibatun wa rabbun ghafur namung saget tercapai menawi ilmunipun poro ulama kadamel pedoman lan pitedah salebetipun gesang puniko. Ananging kasunyatan ing mongso puniko katah manungso ingkang mlajar nilaraken poro ulama, amergi ulama dipun anggep ngrepoti, ngewuh ewuhi tumrap kemajengan, opo-opo ra kena, ra oleh, ngene ra entuk ngono haram, iki dilarang, lan sak pinunggalanipun. Agomo cukup diakoni, ra perlu dilakoni. Menawi sampun mekaten sikapipun tiyang dateng agami, menika sanget mbebayani bade nuwuhaken pendangkalan agami. Inggih saking pola hidup ingkang sampun terpengaruh kaliyan paham kebendaan lan materialisme. Nabi sampun nate paring pepenget kanti dawuhipun:

 

ﺳَﻴَﺎْٔﺗِﻲ ﺯَﻣﺎﻥٌ ﻋَﻠﻰ ﺍُٔﻣَّﺘﻲ ﻳَﻔِﺮُّﻭﻥَ ﻣِﻦ ﺍﻟْﻌُﻠَﻤﺎﺀِ ﻭَﺍﻟْﻔُﻘَﻬﺎﺀِ ،ﻓَﻴَﺒْﺘَﻠِﻴَﻬُﻢُّ ﺍﻟﻠﻪُ ﺑِﺜَﻼﺙ ﺑﻠﻴﺎﺕ ﺍَٔﻭَّلُها ﻳَﺮْﻓَﻊُ ﺍﻟﻠﻪ ﺍﻟﺒﺮﻛﺔ ﻣِﻦ ﻛَﺴْﺒِﻬﻢ

ﻭﺍﻟﺜﺎﻧﻴﺔ ﻳُﺴَﻠِّﻂُ ﺍﻟﻠﻪ ﻋَﻠَﻴﻬﻢ ﺳُﻠْﻄﺎﻧﺎ ﻇﺎﻟﻤﺎ ﻭَﺍﻟﺜَّﺎﻟﺜﺔُ ﻳَﺨْﺮُﺟﻮﻥ ﻣِﻦ ﺍﻟﺪُّﻧﻴﺎ ﺑﻐﻴﺮ ﺍٕﻳﻤﺎﻥ



“Bakal tumeko sawijining mongso marang umatku, ing mongso iku umatku podo lumayu songko poro ulama lan fuqoha, mongko nuli Allah bakal maringi pacoban marang umat kui kelawan telung pacoban. Sepisan: bakal ngilangi berkahe songko nyambut gawene. Kapindo: Allah bakal nguwasakake marang umat kui panguaso kang dlolim. Kaping telu: Umat kui bakal metu songko dunyo kelawan tanpa iman.”

 


Poro sederek Muslimin ingkang minulyo

Mekaten ugi ampun ngantos tumandang ibadah, nanging ngawur tanpo dasar ilmunipun poro ulama ingkang nyumber saking Al-Qur’an lan hadits. Allah mboten kersa nampi ibadah ingkang tanpa dasar ilmu. Ibnu Ruslan paring dawuh:



وَكُلُّ مَنْ بِغَيْر عِلْم يَعْملُ۞أعمالُه مَرْدودةٌ لا تُقْبل


“Kabeh wong kang tanpo ngilmu kok nglakoni, amale ditolak ora ditompo malah di dukani”



Wusananipun mangga samiya migatosaken dateng kewajiban pados ilmu. Mugi-mugi Allah maringaken pitedah lan pitulung dateng kito, saget nindakaken kewajiban ibadah kanti istikamah. Amin.


 

بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَة وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّه هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم



Khutbah II

الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَصَحْبِه أَجْمَعِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَاإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُه وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِيْ إلى رِضْوَانِهِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى اٰلِه وَأَصْحَابِه وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. اَمَّا بَعْدُ. فَيَا آيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِه لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. إِنَّ اللّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلى سيّدنا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سيّدنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلى سيّدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سيّدنا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلى سيّدنا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سيّدنا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سيّدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى سيّدنا آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ لَا تُسَلِّطْ عَلَيْنَا - بِذُنُوْبِنَا - مَنْ لَا يَخَافُكَ وَلَا يَرْحَمُناَ   .اللّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ إِيمَاناً لاَ يَرْتَدُّ وَنَعِيماً لاَ يَنْفَدُ وَمُرَافَقَةَ نَبِيِّكَ مُحَمَّدٍ -صلى الله عليه وسلم- فِى أَعلَى جَنَّةِ الْخُلْدِ .رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا .رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ .وَصَلَّى اللهُ عَلى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَصَحْبِه و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي الْقُرْبى وَيَنْهى عَنِ الْفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ



 

Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja


Khutbah Terbaru