• logo nu online
Home Nasional Banten Raya Warta Keislaman Tokoh Khutbah Sejarah Opini Pesantren NU Preneur Ramadhan 2023
Minggu, 16 Juni 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Saleh Ritual lan Saleh Sosial

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Saleh Ritual lan Saleh Sosial
Ilustrasi berbagi. (Foto: Freepik)
Ilustrasi berbagi. (Foto: Freepik)
Khutbah I
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلى آلِه وَصَحْبِه وَتَابِعِيْهِ عَلى مَرِّ الزَّمَانِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَه لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقَهُ الْقُرْآنُ أَمَّا بَعْدُ، عِبَادَ الرَّحْمٰنِ، فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ المَنَّانِ، الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: وَلَقَدْ اَرْسَلْنَا مُوْسٰى بِاٰيٰتِنَآ اَنْ اَخْرِجْ قَوْمَكَ مِنَ الظُّلُمٰتِ اِلَى النُّوْرِ ەۙ وَذَكِّرْهُمْ بِاَيّٰىمِ اللّٰهِ ۗاِنَّ فِيْ ذٰلِكَ لَاٰيٰتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُوْرٍ

 
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Monggo kito tansah samiyo netepi takwa lan ajrih dateng ngarso dalem Allah kanti nindakaken sedoyo perintahipun, soho nilar lan nebihi samu kawis awisanipun, supados kito tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking ngarso dalem Allah  subhanahu wa ta’ala, soho manggih kabegjan donyo ngantos akhirat, Amin.  

 
Mongso puniko kito saget ningali lan ngraosaken bilih agami Islam ketingal soyo semarak lan ngremboko, masjid, mushola, langgar, sampun katah ing sak dengah panggenan, sedoyo sae-sae, mekaten ugi pengaosan-pengaosan, kempalan-kempalan, majlis taklim, majlis mujahadah, amaliyah lan sak pinunggalanipun. Meniko sedoyo mujudaken perkembangan ingkang nyoto lan sae. Ananging kwalitasipun lan mentesipun umat Islam, kedah tansah dipun ikhtiyari lan dipun budi dayani. Kulo aturi enget dawuh dalem Allah wonten ing Al-Qur’an: 

 
 اَرَءَيْتَ الَّذِيْ يُكَذِّبُ بِالدِّيْنِۗ ۝١ فَذٰلِكَ الَّذِيْ يَدُعُّ الْيَتِيْمَۙ ۝٢ وَلَا يَحُضُّ عَلٰى طَعَامِ الْمِسْكِيْنِۗ ۝٣ فَوَيْلٌ لِّلْمُصَلِّيْنَۙ ۝٤ الَّذِيْنَ هُمْ عَنْ صَلَاتِهِمْ سَاهُوْنَۙ ۝٥ الَّذِيْنَ هُمْ يُرَاۤءُوْنَۙ ۝٦ وَيَمْنَعُوْنَ الْمَاعُوْنَࣖ ۝٧ 

 
“Apo to sira ngerti sopoto wong kang nggorohake agama? (1) yo kuwi wong kang nolak bocah yatim (2) lan ora gelem ngrembuk wong miskin (3) mongko ciloko  tumrap wongkang podo shalat (4) kang pada lali songko shalate (5) yo kuwi wong kang pada pamer (6) lan nolak mitulungi kanti milike kang maedahi (7).” (QS Al-Ma’un: 1-7)  

 
Dawuh dalem Allah kasebat raosipun, bilih agami Islam puniko tuntunanipun mboten namung urusan ibadah mahdloh, ritual murni, ingkang sesambetan langsung dateng Gusti Allah mawon. Ananging sanget migatosaken dateng masalah-masalah sosial, masalah ingkang magayutan dateng gesang bebrayan ing antawisipun kito sedoyo, langkung-langkung kawigatosan dateng tiyang  ringkih, kaum dhuafa, lare-lare yatim, soho tiyang-tiyang miskin. 
 
Keporo tiyang Islam ingkang mboten merduleni lingkunganipun, mboten nggatosaken kaum dhuafa’ fakir lan miskin, langkung-langkung lare yatim. Sinaoso ibadah ritualipun sae, nanging tiyang kasebat dipun sebat minongko pendusta  agama, goroh anggone netepi agama. Jalaran anggenipun netepi agami namung lelamisan. 

 
Kasunyatan katah tiyang Islam ibadahipun dipun tindak aken kanti sae, shalat, shiyam keporo ibadah haji ngantos antre-antre, nanging ibadah ingkang sambet kaliyan masalah sosial kados zakat, infak, lan sedekah tasih katah ingkang sami dipun lirwakaken. Ing mongko nggayuh suwargo puniko mboten namung sae ibadahipun, nanging ugi kemasyarakatanipun, mboten namung ritualipun  nanging ugi sosialipun. Nabi nate dipun suwuni pirso dening sawenehing sahabat, kanti aturipun ingkang artosipun kirang langkung mekaten:

 
“Duh Rasulullah, mbok inggiho Panjenengan nedahaken dateng kulo, satunggaling amal, ingkang menawi kulo tindakaken ndadosaken sababipun kulo mlebet suwargo. Rasulullah lajeng ngendiko: siro dadiyo wong kang apikan, sahabat lajeng matur: kados pundi caranipun kulo mangertosi bilih kula puniko tiyang sae?  Nabi dawuh: Takono tonggomu, yen tonggomu podo kondo yen siro iku wong kang apikan, berarti siro iku yo wong kang apikan, yen tonggomu podo kondo yen siro  iku wong kang olo, berarti sio iku wong kang olo.” 

 
Dados ukuran kuwalitas, utawi nilai pribadi awon utawi sahe, puniko mboten awake dewe ingkang mbiji, nanging masyarakat ingkang menilai. Milo pengilon kito puniko wonten ing masyarakat, kados pundi kito? Jawabipun wonten ing mriku. 
 
Mugi kito tansah pikantuk pitedah lan pitulungipun Allah, saget kumowulo dateng Allah, soho saget tumindak sae dateng sesami, sahinggo kito manggih kabegjan donyo dumugi akhirat.
 
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِي وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ؛ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّه هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
 
Khutbah II
 اَلْحَمْدُ للهِ عَلىَ إِحْسَانِهِ وَالشُّكْرُ لَهُ عَلىَ تَوْفِيْقِهِ وَاِمْتِنَانِهِ. وَأَشْهَدُ أَنْ لاَ اِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُه وَرَسُوْلُه الدَّاعِى إلى رِضْوَانِهِ. اللهُمَّ صَلِّ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وِعَلى اَلِه وَأَصْحَابِه وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كِثيْرًا أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا.
 اللهُمَّ صَلِّ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلِّمْ وَعَلى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَان وَعَلِى وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَىيَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
 اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآء مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْم الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ. عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبى وَيَنْهى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ 
 
 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja
 


Khutbah Terbaru