Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Warso Enggal, Semangat Enggal

Kamis, 11 Juli 2024 | 10:36 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Warso Enggal, Semangat Enggal

Ilustrasi. Tahun baru, semangat baru. (Foto: Freepik)

Khutbah I
الْحَمْدُ لِلّٰهِ الْمَلِكِ الدَّيَّانِ
 وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلَى مُحَمَّدٍ سَيِّدِ وَلَدِ عَدْنَانَ، وَعَلَى اٰلِهِ وَصَحْبِهِ وَتَابِعِيْهِ عَلَى مَرِّ الزَّمَانِ
 وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الْمُنَـزَّهُ عَنِ الْجِسْمِيَّةِ وَالْجِهَةِ وَالزَّمَانِ وَالْمَكَانِ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ كَانَ خُلُقُهُ الْقُرْآنَ أَمَّا بَعْدُ
عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ قَالَ اللهُ تَعَالَى: يَاأَيّهَا النَّاسُ اتّقُوْا رَبّكُمُ الّذِي خَلَقَكُمْ مِنْ نَفْسٍ وَاحِدَةٍ وَخَلَقَ مِنْهَا زَوْجَهَا وَبَثّ مِنْهُمَا رِجَالاً كَثِيْرًا وَنِسَاءً وَاتّقُوا اللهَ الَذِي تَسَاءَلُوْنَ بِهِ وَاْلأَرْحَام َ إِنّ اللهَ كَانَ عَلَيْكُمْ رَقِيْبًا
 
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo 
Monggo kita tansah samiyo ningkataken iman lan takwa kita dumateng Allah kanti takwa ingkang sak estu, sarono tansah nindakaken sedoyo dawuh lan perintahipun, soho nilar sedaya awisanipun, supados kita tansah pinaringan rahmat lan kanugrahan saking ngayunan Dalem Allah subhanahu wa ta’ala. 
 
Sak lajengipun sumonggo kito menggalih kanti wening dateng gumantosing tahun ingkang nembe kito lampahi, bilih pergantian tahun miderek agami kito punika mboten ngrupekaken perkawis ingkang luar biasa, lan ugi mboten mengku perkawis ingkang asifat mistik, ugi mboten minangko isyarat lan sasmito ingkang saget diramal ramal. 
 
Prastowo gumantosing tahun estu minongko prastowo alami ingkang sampun lazim mesti dumados jalaran sampun dumugi wancinipun. Ingkang sak estunipun kalebet saweneh saking bukti tondo-tondo panguwaosipun Allah ta’ala. 
 
Kaprahing wonten ing swasono gumantosing warso mekaten puniko, kito nembe sami enget dateng umur ingkang sampun dipun liwati. Inggih jalaran kesibukan, lan problem pagesangan ingkang gilir gumantos mboten wonten rampungipun. Wusana nyupekaken dateng Pengeranipun, ingkang maringaken samukawis kanugrahan. Wusananipun tentu kita piyambak ingkang bade manggihaken jawabanipun ayat meniko: 

 
يٰٓاَيُّهَا الْاِنْسَانُ مَا غَرَّكَ بِرَبِّكَ الْكَرِيْمِۙ
 
“He eling-eling manungso, opo to kang wus mbujuk marang siro nganti siro duroko marang Pengeran iro Kang Mohomulyo?” (QS Al Infithar: 6) 
 
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Kito sedoyo tentu sadar bilih wekdal terus obah lumampah, nilaraken pagesangan kito wiwit detik demi detik, dinten demi dinten, ngantos tahun gumantos tahun. Soyo tambah umur kito, soyo caket kito dateng wates umur kito. Rumaos utawi mbonten, sadar utawi mboten, kito meniko nembe sami antri tumuju garis akhir. Ing mongko ajal kito menawi dumugi sak mongso-mangso tanpo taliworo, wusananipun nuwuhaken raos getun keduwung pinanggih wingking, kados ingkang 
dipun isyarataken dening Allah wonten Al-Qur’an: 
 
 لَوْلَآ اَخَّرْتَنِيْٓ اِلٰٓى اَجَلٍ قَرِيْبٍۚ فَاَصَّدَّقَ وَاَكُنْ مِّنَ الصّٰلِحِيْنَ
 
“Duh Gusti Pengeran kulo, mbok inggiho Panjenengan tundo ajal (pejah) kulo sekedap kemawon, supados kulo saget sedekah lan dados golonganipun tiyang ingkang sami soleh-soleh.” (QS Al Munafiqun: 10)
 
Raos getun keduwung mekaten kok dumugining tentu randat. Milo sumonggo mumpung tasih padang rembulane, tasih jembar kalangane. Wonten ing warso enggal puniko sami gumbregah ngadepi mongso ngajeng kanti semangat ingkang enggal, niat ingkang enggal kagem nggayuh kawontenan ingkang langkung sae. 
 
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo 
Tumrap tiyang Jawi, dumuginipun warso enggal ingkang kapurwakan wulan Muharram, kito mestani wulan Sura puniko, sering dipun tampi kanti sikap ingkang mawerni-werni.  
 
Ugi dipun pahargyo kanti lampah ingkang neko-neko tanpa dasar ingkang gumathok, namung ngetutaken pengangen-angen ingkang mboten saget dipun teges jluntrungipun. 
 
Pramilo tumrap kito menawi bade mulyaaken lan ngegungaken wulan Muharram puniko, kanti nambahi taat lan ngibadah dateng ngarso Dalem Allah, sarono nindakaken pangibadahan ingkang dipun dawuhaken dening agami kito. Ing antawisipun kanti nindakaken ibadah siyam, langkung-langkung wonten ing dinten Asyura jalaran siyam ingkang langkung utami sak sampunipun siyam Ramadhan, punika siyam ing wulan Muharram, kados dawuh Kanjeng Nabi: 
 
أفضل الصوم بعد رمضان شهرالله المحرم (رواه المسلم)

 
“Luwih utomo-utomone poso sak wise poso Ramadhon, iku poso ono ing wulan Muharram.” (HR Muslim)
 
Mugi-mugi Allah tansah maringaken rahmat lan hidayahipun dateng kito, kanti pinaringan panjang umur ingkang manfaat lan wilujeng dunyo akhirat.
 
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فيِ القُرْآنِ العَظِيْمِ، وَنَفَعَنيِ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآياَتِ وَالذِّكْرِ الحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ مِنيِّ وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ َإِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمُ. أَقُوْلُ قَوْليِ هذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ ليِ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ
 
 
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ
أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ
 اَللَّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سيدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
اَمَّا بَعْدُ :  فَيَا اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ تَعَالى وَذَرُوا الْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَ وَمَا بَطَنْ، وَحَافِظُوْاعَلىَ الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمعَةِ وَالْجَمَاعَةِ. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَاَ يُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا  اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ. وَبَارِكْ عَلَى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، فى العالمين إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
 اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ ،  اللّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنَ البَرَصِ وَالجُنُونِ والجُذَامِ وَسَيِّيءِ الأسْقَامِ  رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا, اللّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدَى والتُّقَى والعَفَافَ والغِنَى، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ  وَصَلَّى اللهُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن 
عِبَادَاللّهِ
اِنَّ اللهَ يَأْمُرُنَا بِاْلعَدْلِ وَاْلاِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِى اْلقُرْبى وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوااللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ اَكْبَرْ
 
 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja