Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وِأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلى يَوْمِ الدّيْن. فَيَا أيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِه لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Monggo kito tansah nambahi ajrih lan takwa kita dumateng Allah subhanahu wa ta’ala, injih kanti nindakaken dawuh-dawuhipun lan nebihi awisan-awisanipun, sahinggo kito kaparingan rahmat lan hidayah wusana bejo dunyo lan akhiratipun Amin.
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Sedoyo mahkluk ingkang gesang pinaringan rizki, langkung-langkung kito poro manungso tentu dipun cawisi rizki dening Gusti Allah, amergi manungso puniko langkung mulyo katimbang mahkluk sanesipun. Allah dawuh ing Al-Qur’an:
Baca Juga
Khutbah Jumat: Menolong Agama Allah
وَلَقَدْ كَرَّمْنَا بَنِيْٓ اٰدَمَ وَحَمَلْنٰهُمْ فِى الْبَرِّ وَالْبَحْرِ وَرَزَقْنٰهُمْ مِّنَ الطَّيِّبٰتِ ࣖ
“Demi yekti temenan Ingsun mulyaake anak Adam, Ingsun angkat ana ing darat lan laut, lan Ingsun paringi rizki kang apik apik” (QS Al Isra 70)
Kemirahan lan welas asihipun Allah dateng kito poro manungso ugi kanti anggenipun Allah maringi rizki ingkang sarwo sae. Syekh Qadli Baedlawi ngendikaaken bilih anggenipun Allah mulyaaken manungsa puniko kanti perkawis lahir lan batin.
Tegesipun toto lahiripun wewangunan ingkang langkung sae katimbang makhluk sanes. Dene ingkang batin tegesipun ingkang mboten kawistoro wujudipun inggih puniko wujudipun akal. Inggih kanti akal puniko manungso saget paham mangertosi dateng perkawis ingkang dipun tampi dening ponco ndriyo. Mekaten ugi kanti akal puniko manungsa kaparingan pitedah kangge nggayuh pagesangan ingkang sae dunyo lan akhirat. Lan ugi kanti akal puniko manungso saget nggulawentah menopo mawon ingkang wonten ing bumi punika kangge lantaran pagesanganipun.
Sahabat Ibnu Abas ra ngisyarataken kanti dawuhipun:
إنَّ كُلَّ حَيَوَانٍ يَتَنَاوَلُ طَعَامِهِ بِفَمهِ إلاالانْسَان فَإنَّه يَرْفَعُه إلَيْه بِيَدِهِ
“Bilih sedoyo kewan puniko mendet tetdanipun langsung kanti cangkemipun, kejobo manungso, dene manungso puniko ngangkat tetdan dateng tutukipun puniko kanti tanganipun.”
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Dawuh kasebat ngisyarataken bilih kamulyanipun manungso meniko dumunung wonten ing akalipun. Bilih hewan nedi kanti langsung, nisbat hewan bongso burung iggih kanti cucukipun, hewan bongso rumangkang inggih kanti cunguripun, tanpo dipun reko doyoni, nedinipun hewan langsung mawon tanpo dionceki, tanpa di
matengi.
Wondene manungso nedi kanti tanganipun, puniko ngisyarataken bilih manungso
kanti akalipun anggadahi reko doyo, nedi ingkang eco-eco, menawi kulitan dipun onceki, mentah dimatengi, emanipun kanugrahan punika sering dipun supekaken dening katahipun manungso, sahinggo kanti nafsunipun manungso katah ingkang kecalan sifat kamanungsanipun ingkang sanget mulya punika. Wusonanipun malah dados ina lan remeh katimbang makhluk hewani, lantaran anggenipun rakus, ngongso, srakah, ngantos mboten merduleni awon sae, leres lepat, halal lan haram, sing penting keturutan karepe.
Pramila monggo samiyo gumbregah makaryo kanti niat lan sejo nempuh sarono nyadong rizki kanti niat lan coro ingkang utami, insyaallah sinaosa toto lahir kito makarya pados rizki guna kaya, nanging bade kalebet amal sae ingkang wonten piwales ganjaran saking ngarso dalem Allah ta’ala,
Jamaah Jumat ingkang munuliyo
Mugi-mugi kito pinaringono pitedah saget tansah netepi istikamah wekasan pinaringan husnul khatimah.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَة وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّه هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah II
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَصَحْبِه أَجْمَعِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَاإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُه وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِيْ إلى رِضْوَانِهِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى اٰلِه وَأَصْحَابِه وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا. اَمَّا بَعْدُ. فَيَا آيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِه لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. إِنَّ اللّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلى سيّدنا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سيّدنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلى سيّدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سيّدنا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلى سيّدنا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سيّدنا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سيّدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى سيّدنا آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ لَا تُسَلِّطْ عَلَيْنَا - بِذُنُوْبِنَا - مَنْ لَا يَخَافُكَ وَلَا يَرْحَمُناَ اللّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ إِيمَاناً لاَ يَرْتَدُّ وَنَعِيماً لاَ يَنْفَدُ وَمُرَافَقَةَ نَبِيِّكَ مُحَمَّدٍ -صلى الله عليه وسلم- فِى أَعلَى جَنَّةِ الْخُلْدِ .رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا .رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ وَصَلَّى اللهُ عَلى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَصَحْبِه و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي الْقُرْبى وَيَنْهى عَنِ الْفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja
Terpopuler
1
Mengungkap Hukum Inses dalam Islam
2
Dari Pertemuan Ini, Diingatkan untuk Senantiasa Menjadi Manusia Saleh-Bermanfaat
3
Penguasa, Termasuk Pengurus NU Tidak Boleh Semena-mena
4
Setelah Ojol Demo, Komisi V DPR Agendakan Rapat Bersama
5
Sebanyak 22 Ribu Jamaah Indonesia Terserang Pneumonia
6
Hal Negatif yang Dialami Jamaah di Tanah Suci Bukan Azab
Terkini
Lihat Semua