• logo nu online
Home Nasional Banten Raya Warta Keislaman Tokoh Khutbah Sejarah Opini Pesantren NU Preneur Ramadhan 2023
Senin, 6 Mei 2024

Khutbah

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Mangayubagyo Maulid Nabi

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Mangayubagyo Maulid Nabi
Ilustrasi. (NUO)
Ilustrasi. (NUO)

Khutbah I

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِيْ لِجَلَالِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِكَ. سُبْحَانَكَ اللّٰهُمَّ لَا أُحْصِي ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِكَ. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُه. خَيْرَ نَبِيٍّ أَرْسَلَهُ. أَرْسَلَهُ اللهُ إِلَى الْعَالَـمِ كُلِّهِ بَشِيْرًا وَنَذِيْرًا

 اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَامًا دَائِمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن. أَمَّا بَعْدُ فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا رَحْمَةً لِلْعَالَمِينَ

 


Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo

Monggo kito samiyo tansah netepi takwa dateng Allah, kanti tansah nindakaken sedoyo perintah lan nebihi sedoyo cegah, supados kito pikantuk rahmat lan kanugerahan, saking ngarsanipun Allah Ta’ala, Amin. Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulyo, wulan meniko Rabiul Awal inggih Mulud, wulan ingkang mulyo, wulan wiyosan Dalem junjungan kito Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ‘alaihi wa sallam.

 


Sejarahing manungso, kolo semanten. Kawontenan pagesangan ingkang tansah memengsahan lan sesatron, mboten nate wonten katentremaning gesang, masyarakat ingkang bodo lan terbelakang. Bongso Arab kolo semanten, bongso ingkang adatipun remen nindes, ngrampas hakipun sanes, mendem mendeman, judi, ngabotohaken, sak pinunggalanipun. Pengajakipun Kanjeng Nabi malah dipun adepi kanti sikap permusuhan dening masyarakatipun. Kados dawuhipun Allah ing Al-Qur’an:

 


ألاَعْرَابُ أَشَدُّ كُفْراً وَنِفَاقاً وَأجْدَرُ اَلَّايَعْلَمُوْا حُدُوْدَ ما اَنْزَلَ اللهُ عَلى رَسُوْلِه وَاللهُ عَلِيْمٌ حَكِيْمٌ


 

 


Pancen wong-wong Arab iku banget kufure lan nifaqe lan memper menowo ora pada mangerti marang hukum-hukum kang diturunake Allah marang utusane, lan Allah iku Dzat Kang Maha Ngudaneni lan Maha Wicaksana.” (QS At Taubah: 97)

 


Wusanonipun Allah maringaken pitedah dateng bongso Arab kanti perombakan total, saking kawontenan ingkang kebak kemusyrikan dados ketauhidan, saking kesewenang-wenangan dados keadilan, saking masyarakat ingkang biadab dados masyarakat ingkang beradab, saking kebengisan lan penindesan dados kebak ing kawelasan, saking kekacauan dados kedamaian, saking memengsahan dados kerukunan lan katresnan, saking arogan dados kebak toleran, saking peteng ndedet lelimengan dados padang trawangan, saking kemunduran dados kemajuan, saking kesesatan dados keleresan, lestantun dumugi mongso sak lajengipun hingga titiwanci puniko. Puniko sedaya jalaran kanugerahanipun Allah kanti kautusipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Kados dawuhipun ing surah Ali Imran:



لَقَدْ مَنَّ اللهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ اِذ بَعَثَ فِيْهِمْ رَسُوْلاً مِنْ اَنْفُسِهِمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ أيَاتِه وَيُزَكِّيْهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبلُ لَفِى ضَلاَلٍ مُبِيْن

 


“Yekti temenan Allah Ta’ala wus paring kanugrahan marang para wong-wong Mukmin, nalika Allah Ta’ala ngutus sawijine Rasul songko golongane deweke (tegese ora sangka golongane malaikat, utawa jin yaiku Kanjeng Nabi Muhammad SAW) kang Rasul mahu macakake ayat-ayate Allah marang deweke kabeh, lan nucekake jiwane deweke kabeh songko doso-dooa, lan uga mulang marang deweke kabeh ing Kitab Al-Qur’an lan hikmah. Senajan deweke kabeh mahu sak durunge yekti ono sak jerone sasar kang nyoto.” (QS Ali Imran 164).

 


Poro sederek kaum Muslimin ingkang minulya

Pramilo terang nyata bilih kautusipun Kanjeng Nabi, sakestu minangko kanugerahan saking ngarso Dalem Allah tumrap kito sedoyo. Kesyukuran kito sarana tambahi mahabbah lan tresna dumateng Kanjeng Nabi. Soho nderek pitedah ingkang dipun turunaken dateng panjenenganipun, inggih pitedahipun Al-Qu’ran. Wusana kito kalebet tiyang ingkang bejo. Kados dawuhipun Al-Qur’an:

 


فَالَّذِيْنَ أمَنُوْا بِه وَعَزَّرُوْهُ وَاتَّبَعُوْا النُّوْرَ الَّذِيْ اُنْزِلَ مَعَه اُولئِكَ هُمُ الْمُفلِحُوْنَ


 


“Wong-wong kang pada iman marang Kanjeng Nabi, lan podo mulyaake Kanjeng Nabi, lan pada mbelani Kanjeng Nabi lan nderek marang pepadanging pituduh kang diturunake marang Kanjeng Nabi, yaiku Al-Qur’an, yo wong-wong kang mengkono iku wong kang pada beja-bejo.” (QS. Al A’raf: 157)

 


Mugi-mugi kito pinaringan pitulungan tansah nderek Nabi lan pitedah Al-Qur’an, wusanonipun kalebet tiyang ingkang pinaringan kabegjan saking ngarsa Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amin.


 

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّه هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

 


Khutbah II

الْحَمْدُ لِلّٰهِ وَ الْحَمْدُ لِلّٰهِ  ثُمَّ الْحَمْدُ لِلّهِ. أَشْهَدُ أنْ لآ إلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيّ بعدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِه وَأَصْحَابِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ أَمَّا بَعْدُ


 

 فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَه يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلى سَيِّدنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى ألِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ

 

اللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اَللّٰهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ . اللّٰهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

 

عبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبى وَيَنْهى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِه يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

 


Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja


Khutbah Terbaru