Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggayuh Kabegjaning Gesang

Kamis, 5 Desember 2024 | 17:25 WIB

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nggayuh Kabegjaning Gesang

Ilustrasi orang berdoa kepada Allah. (Foto: Freepik)

Khutbah I
إِنَّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلاَ مُضِلّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلاَ هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاّ اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللهُمّ صَلّ وَسَلّمْ عَلى سيدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِهِ وأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلى يَوْمِ الدّيْن. فَيَا آيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِه لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.  يَاأَيّهَا الّذَيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنّ إِلاّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
 
 
Jamaah Jumat rahimakumullah
Monggo sami kito tingkataken takwa lan ajrih kito dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh-dawuhipun, lan nebihi sedoyo awisanipun. Inggih namung kanti takwa dumateng Allah, kito bade kaparingan pitedah saget mbentenaken perkawis ingkang sae lan awon, leres lan lepat, hak lan batil, halal lan haram. Mekaten ugi kito bade pikantuk pangapunten kalepatan kito saking ngarso dalem Allah ta’ala. 
Allah dawuh: 
 
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تَتَّقُوا اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّكُمْ فُرْقَانًا وَّيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ 
 
yâ ayyuhalladzîna âmanû in tattaqullâha yaj‘al lakum furqânaw wa yukaffir ‘angkum sayyi'âtikum wa yaghfir lakum
 
“Hei wong kang podo iman menowo siro kabeh podo takwa marang Allah, mongko Allah ta’ala bakal maringi furqan tegese pituduh kanggo siro kabeh kang siro kabeh banjur bisa mbedakake antarane perkoro kang olo lan becik, bener lan luput, lan Allah bakal nglebur ngamal olo iro kabeh lan uga ngapuro (dosa-doso) iro…” (QS Al Anfal: 29)
 
Jamaah Jumat rahimakumullah 
Sak estunipun, taat dateng Allah kanti nindakaken sedoyo perintahipun Allah, soho nilar lan nebihi awisanipun Allah puniko kangge kesahenan kito piyambak. Kosok wangsulipun, nilar lan nglirwakaken dawuhipun Allah soho nerjang awisan lan nerak wewaleripun Allah, puniko dados sumbering karisakkan lan kasengsaraning gesang kito, wiwit dunya ngantos dumugining akhirat. 
Allah paring pepenget dateng kito kanti dawuhipun: 
 
 
وَمَنْ اَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِيْ فَاِنَّ لَهٗ مَعِيْشَةً ضَنْكًا وَّنَحْشُرُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اَعْمٰى ۝١٢٤

 
wa man a‘radla ‘an dzikrî fa inna lahû ma‘îsyatan dlangkaw wa naḫsyuruhû yaumal-qiyâmati a‘mâ
 
“Sopo wonge mengo songko eling Ingsun, mesti bakal nemahi panguripan kang rupeg, lan bakan Ingsun giring wong kuwi besuk dioa kiamat kanti kahanan wuta.” (QS Thaha: 124 ) 
 
Jamaah Jumat rahimakumullah 
Mboten wonten coro lan sarono kangge nggayuh kabegjaning gesang puniko kejawi namung nderek dateng pranatan lan tuntunan syariat agaminipun Gusti Allah, mekaten ugi mboten wonten margi kangge nggayuh kawilujengan lan kalis saking beboyo kejawi namung kanti sarana nyaket lan taqarrub dateng ngarso dalem Allah ta’ala.  
 
Dene margi lan sarono taqarrub dateng Allah puniko katah sanget coro ingkang saget kito tempuh, ananging ingkang langkung utami lan prayogi kito tindakken tentu kanti nuhoni dateng kewajiban lan ibadah fardlu langkung rumiyin. Ampun ngantos ingkang fardlu dipun lirwakaken, ingkang dawah sunat malah dipun tengenaken. Pramilo ibadah sunat utami dipun tindakaken nanging ibadah fardlu kedah dipun rumiyinaken.  
Rasulullah paring dawuh ing hadits Qudsi ingkang artosipun kirang langkung mekaten: 
 
“Ora tumindak ngibadah keparek kawuloningsun marang Ingsun kelawan sawijining penggawe ibadah kang luwih Ingsun tresnani katimbang ngelakoni perkoro 
kang Ingsun wajibake tumrap deweke.” (HR Al Bukhari) 
 
Jamaah Jumat rahimakumullah 
Ibadah fardlu ingkang dipun tindakaken saget minongko sarono taqarrub kito dateng Allah tentu menawi sampun netepi toto cara ingkang leres menggah tuntunan syariat, kanti netepi syarat lan rukun soho katindakaken kanti ikhlas murih karidlanipun Allah. 
 
Ampun ngantos tumindak ibadah nanging kecampuran niyat lan tujuan sanes, 
amergi namung bade ngrisakaken dateng ibadah kito. 
Allah dawuh ing Al Qur’an: 
 
وَمَآ اُمِرُوْٓا اِلَّا لِيَعْبُدُوا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ
 
wa mâ umirû illâ liya‘budullâha mukhlishîna lahud-dîna
 
 “Lan manungso iku ora diperintah kejobo supoyo ngibadah marang Allah kelawan murniake agama kerono Allah.” (QS Al Bayyinah: 5)
 

 
Pramilo monggo samu kawis tumindak ibadah kito kaniyatono ingkang ikhlas kangge nggayuh karidlanipun Allah. Mugi-mugi kito kalebet kawulo ingkang tansah nuhoni kewajiban kumawulo dateng Allah kanti istiqamah wusananipun pikantuk ridlanipun Allah ta’ala.  
 
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَة وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّه هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
 
Khutbah II
الحَمْدُ للهِ رَبِّ العَالمِيْنَ وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلى أَشْرَافِ الأَنْبِيَاءِ وَالمرْسَلِيْنَ نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَصَحْبِه أَجْمَعِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَاإِلٰهَ إِلاَّ اللهُ وَاللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُه وَرَسُوْلُهُ الدَّاعِيْ إلى رِضْوَانِهِ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى اٰلِه وَأَصْحَابِه وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا
 اَمَّا بَعْدُ. فَيَا آيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَإِيَّايَ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِه لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. إِنَّ اللّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيماً اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلى سيّدنا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سيّدنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلى سيّدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سيّدنا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلى سيّدنا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سيّدنا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سيّدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى سيّدنا آلِ إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ.
اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ. اللَّهُمَّ لَا تُسَلِّطْ عَلَيْنَا - بِذُنُوْبِنَا - مَنْ لَا يَخَافُكَ وَلَا يَرْحَمُناَ   .اللّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ إِيمَاناً لاَ يَرْتَدُّ وَنَعِيماً لاَ يَنْفَدُ وَمُرَافَقَةَ نَبِيِّكَ مُحَمَّدٍ -صلى الله عليه وسلم- فِى أَعلَى جَنَّةِ الْخُلْدِ .رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا .رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ وَصَلَّى اللهُ عَلى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَصَحْبِه و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن
عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي الْقُرْبى وَيَنْهى عَنِ الْفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ 

 
 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja