Poro sederek jamaah Jumat rahimakumullah
Sumonggo sami kito ningkataken takwa lan ajrih kita dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun, lan nebihi sedoyo awisanipun. Inggih kanti takwa dumateng Allah puniko kita bade kaparingan rahmat lan kawilujengan saking ngarso Dalem Allah Ta’ala. Jalaran Allah sampun paring dawuh:
وَنَجَّيْنَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا وَكَانُوْا يَتَّقُوْنَ
’’Lan Ingsun nyelametake marang wong-wong kang podo iman lan wong kang podo tansah netepi takwa.’’ (QS Fushshilat: 18)
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah
Sedoyo tiyang kepingin barokah ing sedoyonipun. Barokah gesangipun, barokah umuripun, barokah rizeki lan harto bondonipun, barokah ilmunipun, kelurganipun lan barokah sedoyonipun. Barokah punika tambahipun kesaenan lan ketaatan nipun kawula dateng Allah Subhanahu wa Ta’la, kanthi kawontenan kados punopo kémawon. Bungah lan susah, jembar lan rupek rizekinipun tetep taat dateng Allah Subhanahu wa Ta’ala.
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah
Gesang barokah mboten namung séhat, ananging ugi sakit puniko inggih mungkin barokah. Kados sakitipun Nabi Ayub ‘alaihi salam, sakitipun ndadosaken tambah taatipun dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala. Umur barokah, mboten mesti dowo umuripun. Wonten ingkang cendak umuripun, nanging katah taatipun dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala saget ngukir sejarah, dipun kenang déning generasi sak pengkeripun.
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah
Ilmu barokah, dipun ngamalaken dening tiang katah, lan kangge ngetingalaken syiar agaminipun Allah Subhanahu wa Ta’ala. Gaji barokah, mboten gaji lan upah ingkang katah, ananging gaji lan penghasilan ingkang anjalari marginipun rizeki lan manfaati lan dados sarono anggenipun ngibadah kumawula dateng Allah. Putro ingkang barokah punika ingkang taat dumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, bektos dateng tiyang sepuhipun, lan mboten pedot-pedot ndongakaken dateng tiyang sepuhipun.
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah
Panyuwun kito tansah kaparingan pitulung, tetep iman Islam lan taat dateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, tentu Allah Ta’ala badé pareng barokah rizeki saking langit lan bumi. Kados janjinipun Allah Ta’ala kasebat wonten ing Al-Qur’an makaten:
وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْقُرى أمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكَاتٍ مِنَ السَّمَآءِ وَالْأَرْضِ وَلكِنْ كَذَّبُوْا فَأَخَذْنَاهُمْ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوُنَ
’’Menowao sekirané poro penduduké negoro-negoro podo iman lan takwa, wus mesti Ingsun bakal nurunaké marang dѐwѐké mau berkah sangka langit lan bumi, ananging dѐwѐké pada nggorohaké (marang ayat-ayat Ingsun) mulo akhiré Ingsun siksa wong-wong mau amargo lelakoné dѐwѐké.” (QS Al-A’raf :96
Hadirin jamaah Jumah rahimakumullah
Makaten makno lan tegesipun barokah, mboten namung katahipun materi, ananging manfaat lan faedahipun perkawis wau andadosken tambahing taat dateng ngarsanipun Allah Ta’ala. Mugi Allah Subhanahu wa Ta’ala paring barokah dateng sedoyo nikmat ingkang dipun paringaken dumateng kita, saget minangko lantaran taat kito dateng Allah Ta’ala. Anjalari gesang kito begja lan mulyo ing dunya dumugining akhirat. Amin.
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَة وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّه هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِيْ أَمَرَنَا بِاْلاِتِّحَادِ وَاْلاِعْتِصَامِ بِحَبْلِ اللهِ الْمَتِيْنِ. أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ اللهُ وَحْدَه لاَشَرِيْكَ لَهُ إِيَّاهُ نَعْبُدُ وَإِيَّاُه نَسْتَعِيْنُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَلْمَبْعُوْثُ رَحْمَةً لِلْعَالَمِيْنَ. اَللّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِه وَأَصْحَابِه أَجْمَعِيْنَ. اِتَّقُوا اللهَ مَا اسْتَطَعْتُمْ وَسَارِعُوْا إِلَى مَغْفِرَةِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ. إِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَه يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ يَاأَيُّهاَ الَّذِيْنَ ءَامَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا وَصَلَّى الله عَلى سَيِّدنَا وَمَوْلَانَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِهِ وَصَحْبِهِ وَسَلَّمَ اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَالْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْاَمْوَاتْ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ وَيَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَا اَرْحَمَ الرَّحِمِيْنَ. اللَّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ جَهَنَّمَ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَسِيحِ الدَّجَّالِ وَنَعُوذُ بِكَ مِنْ فِتْنَةِ الْمَحْيَا وَالْمَمَاتِ اَللَّهُمَّ وَفِّقْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا لِمَا تُحِبُّهُ وَتَرْضَاهُ، اَللّهُمَّ أَعِنْهُمْ عَلى طَاعَتِكَ وَاهْدِهِمْ سَوَاءَ السَّبِيْلِ، اَللّهُمَّ جَنِّبْهُمْ الْفِتَنَ مَاظَهَرَ مِنْهَا وَمَابَطَنَ، إِنَّكَ عَلى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ ,اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ عِبَادَ اللهِ إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيتَآئِ ذِي الْقُرْبى وَيَنْهى عَنِ الْفَحْشَآءِ وَالْمُنكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَادْعُوْهُ يَسْتَجِبْ لَكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja
Terpopuler
1
Mengungkap Hukum Inses dalam Islam
2
Penguasa, Termasuk Pengurus NU Tidak Boleh Semena-mena
3
Setelah Ojol Demo, Komisi V DPR Agendakan Rapat Bersama
4
Sebanyak 22 Ribu Jamaah Indonesia Terserang Pneumonia
5
Ucapan Positif, Obat Ampuh Melawan Insecure
6
Sejumlah Hal Disampaikan Pengemudi Ojol saat RDPU dengan DPR
Terkini
Lihat Semua