• logo nu online
Home Nasional Banten Raya Warta Keislaman Tokoh Khutbah Sejarah Opini Pesantren NU Preneur Ramadhan 2023
Selasa, 30 April 2024

Khutbah

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Riyoyo Idul Fitri Ngraketaken Pasederekan

Khutbah Idul Fitri Bahasa Jawa: Riyoyo Idul Fitri Ngraketaken Pasederekan
Ilustrasi Idul Fitri. (Foto: Freepik)
Ilustrasi Idul Fitri. (Foto: Freepik)
Khutbah I
اَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ لَاإِلهَ إِلَّااللّهُ وَاللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ وَلِلّهِ الْحَمْدُ
اَللهُ أَكْبَرْ كَبِيرًا وَالْحَمْدُ للهِ كَثِيرًا وَسُبْحَانَ اللهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا. لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهْ، صَدَقَ وَعْدَهْ، وَنَصَرَ عَبْدَهْ، وَأَعَزَّ جُنْدَهْ، وَهَزَمَ الْأَحْزَابَ وَحْدَهْ. لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَاللهُ أَكْبَرْ. اَللهُ أَكْبَرُ وَللهِ الْحَمْدُ
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِي جَعَلَ الْعِيدَ مِنْ أَكْبَرِ شَعَائِرِ الْإِسْلَامِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ الْمُلْكُ الْعَلَّامِ، رَبَّنَا الَّذِي يَنْبُعُ مِنْهُ السَّلَامُ وَإِلَيْهِ يَعُودُ السَّلَامُ، فَحَيِّنَا رَبَّنَا بِالسَّلَامِ وَأَدْخِلْنَا الْجَنَّةَ دَارَ السَّلَامِ، تَبَارَكْتَ رَبَّنَا وَتَعَالَيْتَ يَا ذَا الْجَلَالِ وَالْإِكْرَامِ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ الَّذِي أَمَرَ أُمَّتَهُ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلى مَنْ دَعَا لِهُدَى الْإِسْلَامٍ. اَللّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلى نَبِىِّ الْإِسْلَامِ وَرَسُولِ السَّلَامِ مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَصَحْبِهِ الْكِرَامِ وَمَنْ تَبِعَهُ بإِيمَانٍ وَإِسْلَامٍ وَإِحْسَانٍ إِلى دَارِ السَّلَامِ أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُونَ رَحِمَكُمُ اللهِ: أُوصِينِيْ وَإِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ، وَاعْلَمُوا أَنَّ أَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللهِ أَتْقَاكُمْ قَالَ اللهُ تَعَالى: خُذِ الْعَفْوَ وَأْمُرْ بِالْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ الْجَاهِلِينَ. وَقَالَ: الَّذِينَ يُنْفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ 
 
Muslimin lan Muslimat rahimakumullah
Monggo kito tansah netepi taat lan takwa dateng ngarso Ndalem Allah, kanti ngestokaken dawuh -dawuhipun saha nilar lan nebihi sedaya cegah lan  awisanipun.  
 

Poro jamaah ingkang minulyo
Sewulan natas kito sami netepi kewajiban ibadah siyam, kanti sak warnining panandang kito lampahi, inggih ngelak lan luwe sampun mesti, lungkrah lan loyo, lemes, lesu, pucet, aras-arasen, ngantukan lan sak panunggalanipun. Sedoyo jejibahan awrat kito tindakaken kanti ikhlas namung murih karidhan saking ngarsa Ndalem Allah ta’ala.  
 
Estunipun, sinaoso kanti raos awrat lan owel, kito kedah legowo nglepas  bidalipun Wulan Ramadhan. Panyuwun kito mugi Allah maringaken panjang  yuswo, saget pinanggih malih kaliyan Ramadhan ing tahun ingkang bade dateng. Mekaten ugi sedoyo ibadah kito ing Wulan Ramadhan kepengker,  linangkung ibadah siyam kito, mugi-mugi katampi wonten ngarsa Ndalem Allah subhanahu wa ta’ala. 
 

Taqabbalallahu minna wa minkum taqabbal ya Karim wa ja’alanallahu wa iyyakum minal maqbulin. 
 

Muslimin Muslimat rahimakumullah
Sampun dados pengadatan lan tradisi ingkang sae wonten ing masyarakat kito, bilih saben-saben dinten riyadin utawi riyoyo sami ngleksanaaken silaturrahim, ngraketaken pasederekan, halal bihalal lan ngapuro-ingapuran wonten ing lingkungan keluargo lan masyarakati pun. Sami ugi lingkungan pawiyatan,  pakaryan menopo dene masyarakat sanesipun, langkung-langkung ingkang tasih dipun tunggilaken dening satunggaling komunitas ingkang anggadahi persamaan. Kadosto ingkang sami-sami nunggil wilayah domisili, nunggil trah, nunggil profesi lan sanes-sanesipun. 
 

Pramilo swasono meniko kedah kito dadosaken minongko momentum kangge ngrajut kekadangan lan mbangun silaturrahim antawis kito sedoyo. Langkung-langkung wonten ing swasono meniko, kito dadosaken minangko ajanging rekonsiliasi, ngrajut katresnan sak purnanipun kito ngleksanaaken  pemilu wulan kepengker.  
 

​​​​​​​Ingkang mbok bilih kito wekdal kepengker benten afiliasi politik lan benten pilihan wusono tuwuh sak wetawis karenggangan. Mboten prayogi kito kedlarung-dlarung kanti kawontenan mekaten. Monggo kito lepas samu kawis perbedaan, kito supekaken prastowo politik, enggal-enggal kito rajut malih tali silaturrahim kito. Amergi kito sedayo puniko kados menapa kemawon tetep bersaudara minangko tiang Mukmin, sesami kawulanipun  Allah kedah ngugemi dawuhipun Allah:
 
اِنَّمَا الْمُؤْمِنُوْنَ اِخْوَةٌ فَاَصْلِحُوْا بَيْنَ اَخَوَيْكُمْ وَاتَّقُوا اللّٰهَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُوْنَࣖ
 
’’Sejatine wong-wong kang podo iman iku bersaudara, mulo podo rukuno ing antarane seduluranira kabeh, lan podo wediyo siro kabeh ing Gusti Allah.’’ (QS Al Hujurat: 10)
 
Dados minongko tiyang Mukmin kito wajib tansah guyup rukun, tulung tinulung, bantu binantu, njagi lan ngrekso, nggolong gilikaken pasederekan kito. Mekaten ugi kedah nebihaken perkawis ingkang ndadosaken karenggangan hubungan silaturrahim ing antawis kito. 
 

Kaum Muslimin Muslimat rahimakumullah
Saben dinten kito nindakaken shalat fardlu kanti berjamaah, saben pitung dinten kito Shalat Jumat, saben Ramadhan kito Shalat Teraweh kanti jamaah, ing enjang meniko kito kempal wonten papan meniko sesarengan Shalat Idul Fitri ugi kanti jamaah. Ing sak lebetipun shalat jamaah puniko mengku hikmah lan piwucal bilih kito sedoyo umat Islam kedah tansah sesarengan ing saklebetipun ngumawulo dateng ngarsanipun Allah ta’ala.  
 

​​​​​​​Kito minongk makmum kedah tansah nderek dateng imam. Menawi imam klentu, makmum kedah ngengetaken dateng imam. Dateng sesami makmum kedah tanah sesarengan lurus lan rapet sofipun. Kanti patuladan puniko kito Muslimin kedah saget mendet pelajaran, tansah jumeneng kanti dedasar persamaan, lan pasederekan kangge nggayuh kamulyaning gesang wiwit dunya ngantos akhirat kanti ridhani pun Allah ta’ala. 
 

Sarono manunggaling sejo lan tujuan puniko, ateges kito estu kedah mbudi doyo ngraketaken tali silaturrahim, sahinggo kito sedoyo prasasat kados jasad setunggal. Kados dawuh dalem Kanjeng Nabi ingkang artosipun kirang langkung mekaten:  
 

“Pepadane wong-wong Mukmin ingndalem hubungan pasedulurane, welas winelasane, tresno-tresnannane, iku koyo dene awak siji. Naliko perangane nggauto badan nuju loro, kabeh badan sekojor ngrasakke mriyang lan ora bisa turu.” (HR Bukhari Muslim) 
 

​​​​​​​Poro sederek, mekaten pagesanganipun sesami tiang Mukmin anggenipun sambet kekadangan lan sambet raos, kedah saling nyengkuyung ing babakan kesaenan.  Kados dene tetembungan :  
 
“Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.” 
 

Pilihan kenging benten, paham kenging mboten sami, pemanggih mekaten ugi, organisasi kenging werni-werni, profesi kongang mboten sami, partai  kenging gonta-ganti, ananging iman Islam, akidah, lan syariah kito tetep tunggal, nauhidaken dateng Allah, nderek tuntunan Rasulullah. 
 

Ampun ngantos perbedaan paham, organisasi, pendapat lan pendapatan dipun dadosaken alasan padudon lan pasulayan. Tundonipun nuwuhaken pasulayan, ngantos dumugining perpecahan, satron-sinatron lan memengsahan sesami umat Islam.   
Rasulullah paring piwucal dateng kita, ing samu kawisipun bilih kito kongang lan kenging beda. 
كُنْ كَالْيَدَيْنِ وَلَاتَكُنْ كَالْاُذُنَيْنِ 
 
 
“Dadiyo siro iku koyo tangan loro, ojo koyo kuping loro.” 
 

​​​​​​​Artosipun tangan kanan lan kiri ingkang samu kawisipun sarwo benten, asto tengen peranipun ing perangan ingkang sarwo sae, ingkang resik, minulyo, ngajeng, nginggil, lan samu kawis ingkang utami. Dene asta kiwo peranipun ing perangan ingkang asor, kotor, sarwa kosok wangsul kalian asto tengen. Ananging mboten nate padudon, pasulayan, iri drengki, lan sak panunggalanipun. 
 

Malah sanget ketingal guyup rukunipun, masing-masing pihak saget nampi kawontenan peran lan tugasipun piyambak-piyambak ingkang sarwo benten. Mekaten ugi menawi wonten ayahan ingkang kedah dipun tandangi sesarengan, kakalihiun makaryo sareng kanti guyup rukun, bantu-binantu  gotong-royong kagem ngasilaken tujuan utami, lan njejekaken kalimahi pun Allah ta’ala.
 
اَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ وَلِلّهِ الْحَمْدُ
 

Kaum Muslimin Muslimat ingkang minulyo
Kanti riyoyo ingkang kebak nikmat lan rahmat puniko, monggo kito tansah cecepengan dateng agaminipun Allah soho tansah siaga nindakaken hukum lan pranatanipun Allah. Mekaten ugi Riyoyo Idul Fitri puniko dadoso dinten ingkang mbekto harapan enggal tumrap kita umat Islam, kangge  ngrajut lan ngraketaken pasederekan kito. Sahinggo kacipto masyarakat madani, adil makmur kanti ridlani Allah, baldatun thoyyibatun wa rabbun  ghofur, bekjo fiddunya wal akhirah. Amin ya Rabbal alamin.
 
جَعَلَنَا اللّهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِيْنَ وَالْفَائِزِيْنَ وَالْمَقْبُوْلِيْنَ. وَأَدْخَلَنَا وَإِيَّاكُمْ فِى زُمْرَةِعِبَادِه الصَّالِحِيْن
أَقُولُ قَوْلِي هَذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيمُ لِي وَلَكُمْ
 

 
Khutbah II  
اَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْاَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ اَللّهُ اَكْبَرْ
  الْحَمْدُ للهِ حَمْداً كَثِيْراً طَيِّباً مُبَاركَاً فِيْهِ كَمَا يُحِبُّ رَبُّنَا وَيَرْضى، وَأَشْهَدُ أنْ لاَ إلَهَ إلاَّ اللهُ وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، أمَّا بَعْدُ: فَيَا أيُّهَا النَّاسُ، اِتَّقُوا اللهَ تَعَالى حَقَّ التَّقْوى
وَاعْلَمُوْا أنَّ اللهَ أمَرَكُمْ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنَّى بِمَلاَئِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعَالى: إنَّ اللهَ وَمَلائِكَتِهِ يُصَلُّوْنَ عَلى النَّبِيِّ يَا أيُّها الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا   ،اَللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سَيِّدِنَا وَشَفِيْعِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلىَ آلِه وَأصْحَابِه أجْمَعِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ الْخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ سَيِّدِنَا أَبِي بَكْرٍ الصِّدِّيْقِ وَعُمَرَ وَعُثْمَانَ وَعَلِيّ وَعَنْ كُلِّ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ إلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، وَعَلَيْنَا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
اَللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الأحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأمْوَاتِ إنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ يَا قَاضِيَ الحْاَجَاتِ بِرَحْمَتِكَ يَا أرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ
 
 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul dan lainnya


Khutbah Terbaru