Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Nderek Dumateng Kanjeng Nabi Muhammad
Kamis, 12 Oktober 2023 | 17:44 WIB
Khutbah I
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَبِهِ نَسْتَعِيْنُ عَلى أُمُوْرِ الدُّنْيَا وَالدِّيْنِ، وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعِيْنَ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلىَ يَوْمِ الدِّيْنِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا الله وَحْدَه لَاشَرِيْكَ لَهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ اْلمُبِيْن. وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَـمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ صادِقُ الْوَعْدِ اْلأَمِيْن. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ.
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Monggo sami kita tingkataken takwa lan ajrih kito dumateng Allah, kanti ngestokaken dawuh dawuhipun, lan nebihi sedayo awisanipun, kanti takwa dateng Allah kita kaparingan kawilujengan gesang saking ngarso Dalem Allah Ta’ala. Amin.
Poro sederek kaum Muslimin rahimakumullah
Wekdal meniko kito tasih wonten ing wulan Rabiul Awal inggih wulan Mulud. Wulan wiyosan Dalem Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu’alaihi wasallam. Kawontenan pagesanganing manungso rikolo semanten tansah memengsahan lan sesatron, kaum wanita sanget dipun remehaken derajatipun. Kabudayanipun masyarakat ingkang remen nindes, ngrampas hakipun sanes, mendem mendeman, judi ngabotohan lan sak pinunggalanipun. Milo kanti perjuangan panjang ingkang sanget amrat, lan wekdal ingkang mboten sekedap. Wusono Allah maringaken pitedah dateng bangsa Arab kanti perombakan total bangsa Arab, saking kawontenan ingkang kebak kemusyrikan dados ketauhidan, saking kesewenang wenangan dados keadilan, saking masyarakat ingkang biadab dados masyarakat ingkang beradab, saking kebengisan lan penindesan dados kebak ing kawelasan, saking kekacauan dados kedamaian, saking memengsahan dados kerukunan, perikemanusiaan lan katresnan, saking arogan dados kebak toleran, saking peteng ndedet lelimengan dados padang trawangan, saking kemunduran dados kemajengan, lan saking kesesatan dados kaleresan.
Punika sedoyo jalaran kanugerahanipun Allah kanti kautusipun Kanjeng Nabi Muhammad Sallallahu ’alaihi wasallam. Kados dawuhipun ing Surat Ali Imran:
لَقَدْ مَنَّ اللّٰهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ اِذْ بَعَثَ فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْ اَنْفُسِهِمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِهٖ وَيُزَكِّيْهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَۚ وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبْلُ لَفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ
“Yekti temenan Allah Ta’ala wus paring kanugrahan marang wong-wong mukmin, nalika Allah Ta’ala ngutus sawijine Rasul sangka golongane deweke (tegese ora sangka golongane malaikat, utawa jin yaiku Kanjeng Nabi Muhamma SAW) kang Rasul mau macakake ayat ayate Allah marang deweke kabeh, lan nucekake jiwane deweke kabeh sangak dosa dosa, lan uga mulang marang deweke kabeh ing Kitab Al Qur’an lan hikmah. Senajan deweke kabeh mau sak durunge yekti ana ing sak jerone sasar kang nyata.”. (QS Ali Imran 164 )
Para sederek Muslimin ingkang minulyo
Pramila mangga tansah syukur dateng Allah, jalaran kita saget pinaringan Iman Islam inggih jalaran kautusipun Kanjeng Nabi. Saha nderek dateng sedaya tindak lampahipun lan pitedah ingkang dipun turunaken dateng panjenenganipun, inggih pitedahipun Al Qur’an kedah kita dereki. Insya Allah kita kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang beja. Kados dawuhipun Al-Qur’an:
فَالَّذِيْنَ اٰمَنُوْا بِهٖ وَعَزَّرُوْهُ وَنَصَرُوْهُ وَاتَّبَعُوا النُّوْرَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ مَعَهٗٓۙ اُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْمُفْلِحُوْنَࣖ
“Wong-wong kang pada iman marang Kanjeng Nabi, lan pado mulyoake Kanjeng Nabi, lan pada mbelani Kanjeng Nabi lan nderek marang pepadanging pituduh kang diturunake marang Kanjeng Nabi, yaiku Al Qur’an, Ya wong wong kang mengkono iku wong kang pada beja” (QS al-A’raf : 157 ). Mugi-mugi kita sedaya pinaringono pitulungan tansah mulyaaken dateng Kanjeng Nabi, saha nderek pitedahipun Al-Qur’an, wusananipun pinaringan kabekjan saking ngarsa Dalem Allah Subhanahu wa Ta’ala. Amin.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَاِيّكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَ وَتَه اِنَّه هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ.
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّهِ حَمْدًا كَمَا أَمَرَ. أَشْهَدُ أَنْ لَااِلَهَ اِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ. وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَحَبِيْبُهُ وَخَلِيْلُهُ. اللّهم صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى ألِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ كَانَ لَهُمْ مِنَ التَّابِعِيْنَ، صَلَاةً دَائِمَةً بِدَوَامِ السَّمَوَاتِ وَالْأَرْضِيْنَ. أَمَّا بَعْدُ: فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَذَرُوْا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. وَحَافِظُوْا عَلَى الطَّاعَةِ. وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ بِنَفْسِهِ. وَثَنى بِمَلَائِكَةِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ.
اللهم اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وِالْأَمْوَاتِ. اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هذَا خَاصّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامّةً، اِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ .عِبَادَ اللهِ، اِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُمْ بِالْعَدْلِ وَالْاِحْسَانِ وَاِيْتَاءِ ذِيْ الْقُرْبى وَيَنْهى عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذْكُرُوْا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرُكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja
Terpopuler
Terkini
Lihat Semua