Khutbah I
الْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ القَائِلِ فِي كِتَابِهِ الكَرِيمِ يٰٓاَيُّهَا النَّاسُ اِنَّا خَلَقْنٰكُمْ مِّنْ ذَكَرٍ وَّاُنْثٰى وَجَعَلْنٰكُمْ شُعُوْبًا وَّقَبَاۤىِٕلَ لِتَعَارَفُوْاۚ اِنَّ اَكْرَمَكُمْ عِنْدَ اللّٰهِ اَتْقٰىكُمْۗ اِنَّ اللّٰهَ عَلِيْمٌ خَبِيْرٌ". وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلى أَشْرَفِ اْلأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ وَعَلى اٰلِه وَأَصْحَابِه وَالتَّابِعِيْنَ. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَه لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ. أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ اوصينى واياكم بتقوى الله. اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ
Kaum Muslimin rahimakumullah
Monggo kito sami tansah netepi taat lan takwa dateng ngarso Allah supados kito tansah pikantuk rahmat lan kanugrahan soho pinaringan kabegjan donya ngantos akhirat, saking ngarso Allah subhanahu wa ta’ala, amin.
Kaum Muslimin rahimakumullah
Ketakwaan kedah tansah kito jagi soho kebersihan iman saking lampah doso. Dumugi kapan kito saget nglestantunaken semangat takwa lan nilai fitrah puniko bertahan?Kasunyatan, Syawal dereng telas, takwanipun sampun bablas; riyayane lebar, takwane bubar; badane keliwat, maksiyate kumat.
Ing mongko takwa puniko kedah kito jagi, ampun ngantos namung sesaat, kito kedah anggadahi semangat takwa ingkang istikamah, ampun ngantos gampil kejlomprong dateng juranging kadurakan. Kito sami nyuwun ngapunten dateng sesami, puniko inggih sak wanci-wanci, kapan kito lepat enggalo nyuwun ngapunten pados karidlan saking ingkang dipun damel lepat. Kapan kito tumindak lepat wekdal puniko ugi nyuwun pangapunten. Mboten kedah ngentosi dina riyoyo. Dawuhipun Allah:
وَسَارِعُوْٓا اِلٰى مَغْفِرَةٍ مِّنْ رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمٰوٰتُ وَالْاَرْضُۙ اُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَۙ ١٣٣
wa sâri‘û ilâ maghfiratim mir rabbikum wa jannatin ‘ardluhas-samâwâtu wal-ardlu u‘iddat lil-muttaqîn
Artosipun: “Podo age-ageya siro kabeh tumuju marang pangapurane Allah Pengeranira kabeh lan marang suwarga, kang ambane suwarga iku pitung langit lan bumi kang disediyakake kanggo wong kang podo takwa kabeh.” (QS Ali Imran: 133)
Pramilo monggo kito jagi amrih ketakwaan ingkang kito gayuh kanti ngelak lan luwe, siyam sewulan natas wekdal Wulan Ramadlan kepengker. Ampun ngantos kito risak piyambak jalaran nuruti hardaning kanepson ing sak pengkeripun riyadin puniko. Allah dawuh wonten ing Al-Qur’an:
وَلَا تَكُوْنُوْا كَالَّتِيْ نَقَضَتْ غَزْلَهَا
َ
Artosipun: “Siro ojo koyo wong wadon kang ngudari benang tenune sak wuse ditenun dadi kain.’’ (QS An Nahl: 92)
Pramilo monggo kito jagi semangat takwa puniko ngantos sak terasipun. Ampun ngantos kito nandang karugen lan kebangkrutan. Kados dawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw ingkang artosipun kirang langkung mekaten:
’’Nabi nate ndangu poro sahabat, opo siro ngerti sopo to sing diarani wong kang bangkrut? Poro sahabat sami matur, tiyang ingkang bangkrut meniko tiyang ingkang swaunipun sugih lajeng akhiripun mboten gadah arto lan mboten gadah bondo menapa-menapa malih.”
Midanget jawabanipun poro sahabat wau lajeng Nabi nerangaken kanti dawuhipun “Sing diarani wong kang bangkrut yaiku wong kang sowan ing ngarsane Pengerane nggowo ganjarane shalat, zakat, poso, nanging deweke sowan Pengerane nggowo doso jalaran misuhi wong liyo, ndakwo wong liyo, lan mangan bondone wong liyo.
Nuli wong kang dipisuhi, wong kang didakwo, wong kang dipangan bondone, diwenehi ganjarane amal kang apik-apik dening Allah songko deweke, nganti entek kabeh ngamal becike durung rampung tanggungane, akhire deweke bangkrut lan diuncalake marang neroko.”
Mugi-mugi kito pinaringan pangrekso saking lampah ingkang ngrisak amal saleh, lan istikamah, soyo tambah taat lan ibadahipun wonten ngarso Allah ta’ala. Amin.
اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَاِن الرَّ جِيْمِ . ِبسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّ حِيْمِ
قُلْ اَعُوْذُ بِرَبِّ النَّاسِۙ ١
مَلِكِ النَّاسِۙ ٢
اِلٰهِ النَّاسِۙ ٣
مِنْ شَرِّ الْوَسْوَاسِ ەۙ الْخَنَّاسِۖ ٤
الَّذِيْ يُوَسْوِسُ فِيْ صُدُوْرِ النَّاسِۙ ٥
مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِࣖ ٦
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَ وَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّٰهِ. وَالصَّلَاةُ وَالسَّلَامُ عَلى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ بنِ عَبدِ الله وَعَلى اٰلِه وَأَصْحَابِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلى يَوْمِ القِيَامَة. أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ، لَا نَبِيَّ بَعْدَهُ.
أَمَّا بَعْدُ فَيَا أَيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ المُسلِمُونَ. اوصينى واياكم بتقوى الله اِتَّقُوا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ. وَاعلَمُوا إِنَّ ٱللَّهَ مَعَ ٱلَّذِينَ ٱتَّقَواْ وَّٱلَّذِينَ هُم مُّحْسِنُونَ. قَالَ تَعاَلى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيّ يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا
اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءُ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ
رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. رَبَّنَا ظَلَمْنَا اَنْفُسَنَا وَإنْ لَمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُوْنَنَّ مِنَ اْلخَاسِرِيْنَ
عِبَادَاللهِ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُكُم بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبى وَيَنْهى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلى نِعَمِه يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja