Khutbah I
اْلحَمْدُ للهِ اْلحَمْدُ للهِ الّذي هَدَانَا سُبُلَ السّلاَمِ، وَأَفْهَمَنَا بِشَرِيْعَةِ النَّبِيّ الكَريمِ، أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَه لا شَرِيك لَه، ذُو اْلجَلالِ وَالإكْرام، وَأَشْهَدُ أَنّ سَيِّدَنَا وَنَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَ رَسولُه، اللّهُمَّ صَلِّ و سَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمّدٍ وَعَلى الِه وَأصْحابِه وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين، أَمَّا بَعْدُ: فَيَايُّهَا الإِخْوَان، أوْصيْكُمْ وَ نَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنْ، قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي اْلقُرْانِ اْلكَرِيمْ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الَّشيْطَانِ الرَّجِيْم، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمْ: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آَمَنُوا اتَّقُوا الله وَقُولُوا قَوْلًا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ الله وَرَسُولَهُ فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا وقال تعالى يَا اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتَّقُوْا اللهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلاَ تَمُوْتُنَّ إِلاَّ وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. صَدَقَ اللهُ العَظِيمْ
Hadirin jamaah Jumat rahimakumullah
Sumonggo, kulo dherekaken sesarengan sami nambahi iman lan takwa kito dhumateng Allah swt. Mugi-mugi kanthi takwa puniko gesang kito tansah wilujeng, ayem, tentrem kalis ing rubeda wiwit ing alam donyo puniko ngantos benjang wonten ing akhirat. Amin.
Poro sederek Muslimin rahimakumullah Inggih namung kanti takwa dumateng Allah puniko kito bade kaparingan pitedah saget mbentenaken perkawis ingkang sae lan awon, leres lan lepat, hak lan batil, halal lan haram mekaten ugi kito bade pikantuk pangapunten kalepatan kito saking ngarsa dalem Allah ta’ala. Kados dawuhipun Allah:
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْٓا اِنْ تَتَّقُوا اللّٰهَ يَجْعَلْ لَّكُمْ فُرْقَانًا وَّيُكَفِّرْ عَنْكُمْ سَيِّاٰتِكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْۗ
“Hei wong kang podo iman menowo siro kabeh pada takwa marang Allah, mongko Allah ta’ala bakal maringi furqan tegese pituduh kanggo sira kabeh kang sira kabeh banjur bisa mbedakake antarane perkara kang ala lan becik, bener lan luput, lan Allah bakal nglebur ngamal ala ira kabeh lan uga ngapura dosa dosa ira kabeh." (QS Al Anfal: 29)
Kaum Muslimin jamaah Jumat rahimakumullah
Sak estunipun taat dateng Allah kanti nindakaken sedoyo perintahipun Allah, soho nilar lan nebihi awisanipun Allah puniko kangge kesaenan kito piyambak. Kosok wangsulipun, nerjang awisan lan nerak wewaleripun Allah puniko dados sumbering karisakan lan kasengsaraning gesang kito, wiwit donyo ngantos dumugining akhirat.
Allah sampun paring pepenget dateng kito kanti dawuhipun:
وَمَنْ اَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِيْ فَاِنَّ لَهٗ مَعِيْشَةً ضَنْكًا وَّنَحْشُرُهٗ يَوْمَ الْقِيٰمَةِ اَعْمٰى
“Sopo wonge mengo songko eling Ingsun, mesti bakal nemahi panguripan kang rupek, lan bakan Ingsun giring wong kuwi besuk dina qiyamat kanti kahanan wuta.” (QS Thaha: 124)
Mboten wonten sarono kangge nggayuh kabegjaning gesang puniko kejawi namung taqarrub dateng ngarso dalem Allah ta’ala. Dene margi lan sarana taqarrub dateng Allah puniko katah sanget coro ingkang saget kito tempuh, ananging ingkang langkung utami lan prayogi kito tindakken tentu kanti nuhoni dateng kewajiban lan ibadah fardlu langkung rumiyin. Ampun ngantos ingkang fardlu dipun lirwakaken, ingkang dawah sunnah malah dipun tengenaken.
Kados wekdal kapengker Shalat Tarawih sewulan muput dipun ayahi, shalat fardlu gangsal wekdalipun malah alasan prei. Shalat riyoyo nganti dinggo suloyo, nanging shalat fardlu limang wektu malah ora tahu. Pramilo ibadah sunnah utami dipun tindakaken nanging ibadah fardlu kedah dipun rumiyinaken. Rasulullah sampun paring dawuh ing hadits Qudsi ingkang artosipun kirang langkung mekaten:
“Ora tumindak ngibadah keparek kawulaningsun marang Ingsun kelawan sawijining penggawe ibadah kang luwih Ingsun tresnani katimbang ngelakoni perkoro kang Ingsun wajibake tumrap deweke.” (HR Al Bukhari)
Kaum Muslimin jamaah Jumat rahimakumullah
Ibadah ingkang dipun tindakaken ampun ngantos tumindak ibadah nanging kecampuran niyat lan tujuan sanes, amergi namung bade ngrisakaken dateng ibadah kito. Allah dawuh ing Al-Qur’an:
وَمَآ اُمِرُوْٓا اِلَّا لِيَعْبُدُوا اللّٰهَ مُخْلِصِيْنَ لَهُ الدِّيْنَ ەۙ
“Lan manungso iku ora diperintah kejobo supoyo ngibadah marang Allah kelawan murniake agama kerono Allah.” (QS Al Bayyinah: 5)
Pramilo monggo samu kawis tumindak ibadah kito kaniyatono ingkang ikhlas kangge nggayuh karidlanipun Allah, sahinggo wusananipun cinaket wonten ngarsanipun Allah. Mugi kito kalebetno kawulo ingkang tansah nuhoni kewajiban kumawulo dateng Allah kanti istikamah wusananipun pikantuk ridlanipun Allah ta’ala.
بَارَكَ اللَّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَ وَتَه اِنَّه هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
Khutbah II
الْحَمْدُ لِلّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلهَ إِلاَّاللهُ وَحْدَه لاَ شَرِيْكَ لَهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. اَللّهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلى سيدنا مُحَمّدٍ وَعَلى آلِه وِأَصْحَابِه وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلى يَوْمِ الدّيْن. اَمَّا بَعْدُ
فَيَا اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوا اللهَ تَعَالى وَذَرُوا الْفَوَاحِشَ مَاظَهَرَ وَمَا بَطَنْ، وَحَافِظُوْاعَلىَ الطَّاعَةِ وَحُضُوْرِ الْجُمُعَةِ وَالْجَمَاعَةِ. وَاعْلَمُوْا اَنَّ اللهَ اَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَنى بِمَلاَئِكَةِ قُدْسِهِ، فَقَالَ تَعَالى وَلَمْ يَزَلْ قَائِلاً عَلِيْمًا: اِنَّ اللهَ وَمَلاَئِكَتَه يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِيّ يَاَ يُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا اَللّهُمَّ صَلِّ عَلى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، وَبَارِكْ عَلى سيدنا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سيدنا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلى سيدنا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سيدنا إِبْرَاهِيْمَ، إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ
اللّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالمسْلِمَاتِ وَالمؤْمِنِيْنَ وَالمؤْمِنَاتِ الأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعوةِ، اللّهُمَّ إِنَّا نَعُوذُ بِكَ مِنَ البَرَصِ وَالجُنُونِ والجُذَامِ وَسَيِّءِ الأسْقَامِ رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا, اللّهُمَّ إنَّا نَسْأَلُكَ الهُدى والتُّقَى والعَفَافَ والغِنى، رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ وَصَلَّى اللهُ عَلى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِه وَصَحْبِه و َمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدّيْن وَآخِرُ دَعْوَانَا أَنِ الْحَمْدُ لله رَبِّ الْعَالَمِيْنَ
عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبى ويَنْهى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja