• logo nu online
Home Nasional Banten Raya Warta Keislaman Tokoh Khutbah Sejarah Opini Pesantren NU Preneur Ramadhan 2023
Minggu, 28 April 2024

Khutbah

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Hikmah Siyam Ramadhan

Khutbah Jumat Bahasa Jawa: Hikmah Siyam Ramadhan
Ilustrasi Ramadhan. (Foto: Freepik)
Ilustrasi Ramadhan. (Foto: Freepik)
Khutbah I
اَلْحَمْدُ ِللّٰهِ جَعَلَ رَمَضَانَ شَهْرًا مُبَارَكًا، وَفَرَضَ عَلَيْنَا الصِّيَامَ لِأَجْلِ التَّقْوٰى, أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ,  اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلٰى سَيِّدِنَا مَحَمَّدٍ الْمُجْتَبٰى، وَعَلٰى آلِهِ وَصَحْبِهِ أَهْلِ التُّقٰى وَالْوَفٰى,  أَمَّا بَعْدُ، فَيَاأَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ! أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ وَطَاعَتِهِ فَقَدْ فَازَ مَنِ اتَّقى. فَقَالَ اللهُ تَعَالٰى فِيْ كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ. يَاۤأَيُّهَا الَّذِيْنَ أمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ
 
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Monggo tansah samiyo netepi takwa lan taat dateng ngarsa Dalem Allah kanti takwa ingkang sak estu, tansah mbudi daya nindakaken sedoyo dawuh lan printahipun, soho nilar sedoyo awisanipun, ngantos pejah netepono, Iman Islam, 
pungkasan pinaringan khusnul khatimah. Amin.
 
Poro sederek Muslimin rahimakumullah
Kito sedoyo nedeng-nedengipun nindakaken ibadah shiyam Ramadhan, keranten kwajiban kados dawuhipun Allah ta’ala ing Al Qur’an:
 
يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَۙ
 
“Hai wong-wong kang podo iman, wus diwajibake tumrap siro kabeh poso, koyo olehe diwajibake poso marang wong-wong sak durung iro kabeh, supoyo siro
kabeh pada takwa.” (QS.Al Baqarah: 183)
 
Hikmah ingkang paling utami siyam puniko supados kito langkung takwa dumateng Allah swt. 
 
Poro sederek Muslimin rahimakumullah
Kanjeng Nabi ugi sampun paring dawuh ingkang artosipun kirang langkung mekaten:
 
“Sing sopo wonge poso Ramadhan lan ngerteni hukum-hukume poso, ugo ngrekso marang opo kang kudu direkso, mongko bakal dingapura kabeh doso kang sak 
durunge.” (HR Ibnu Hibban)
 
Miderek dawuh puniko, tiang ingkang siyam puniko kedah netepi kalih perkawis.
Setunggal mangertosi kawreuh lan ilmi, pemahaman dateng toto coro syarat rukunipun siyam.
 
Milo ing bab menika kito kedah ngaos nggayuh ilmi ingkang minongko syarat sahipun ngamal.Jalaran pancen sahipun ngamal puniko kedah kanti dasar ilmu. Kados dawuhipun Ibnu Roslan ingkang artosipun kirang langkung mekaten:
 
“Kabeh wong kang tanpo ngelmu kok ngamalke, amale ditolak ora ditompo dibalekke.”
 
Pramilo eman sanget menawi kito sampun rekaos ngempet ngelak lan luwe, nanging mboten tinampi, jalaran anggenipun nindakaken tanpo ngelmu.
 
Kaping kalih, ngreksa lan njogo perkoro kang kudu dijogo. Amergi milo mboten sekedik tiyang nindakaken siyam ananging mboten njagi perkawis ingkang kedah dipun jagi sahinggo kanti siyamipun namung pikantuk ngelak lan luwe, kados dawuh Kanjeng Nabi ingkang artosipun kirang langkung:
 
“Pirang-pirang wong kang poso, kang soko posone ora oleh opo-opo kejobo mung ngelak lan luwe.”
 
Poro sederek Muslimin ingkang minulyo
Ibadah siyam puniko minongko didikan jasmani ruhani lan budi pakerti. Kanti siyam kito kedah nglatih diri sabar lan nahan diri kangge nilaraken samukawis kaenakan ingkang katah mengku doso. Pramilo siyam kito mboten namung nahan lisan meniko saking perkawis ingkang lumebet, nanging ugi njagi perkawis ingkang medal saking lisan, ingkang gampil dumawah dateng perkawis ingkang nerjang pranatan syariat agami.
 
Poro sederek Muslimin rahimakumullah
Wusananipun mugi-mugi kito nampi kanugerahan lan rahmat saking ngarsanipun Allah ta’ala, wilujeng wiwit gesang ing ngalam dunyo puniko ngantos mbenjang dumuguning akhirat. Amin.
 
بَارَكَ اللّهُ لِىْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ. وَنَفَعَنِيْ وَاِيّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلاَيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَاِيَّاكُمْ تِلاَ وَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمِ
 
 
Khutbah II
اَلْحَمْدُ للهِ وَكَفى، وَأُصَلِّيْ وَأُسَلِّمُ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الْمُصْطَفَى، وَعَلى آلِه وَأَصْحَابِه أَهْلِ الْوَفَا,  أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا الْمُسْلِمُوْنَ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ الْعَلِيِّ الْعَظِيْمِ وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ وَالسَّلَامِ عَلَى نَبِيِّهِ الْكَرِيْمِ فَقَالَ: إِنَّ اللّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا,   اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. , اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ، اللهم ادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ عِبَادَ اللهِ، إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبى ويَنْهى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ
 

 
Diolah dari Nidaul Ummah, PCNU Bantul, Jogja
 


Khutbah Terbaru